MEDI
Dina
kui kancaku moro nek omahku. Adewe crita medi-medi nganti bengi. Opo maneh
wayah kui wes sekitar isya’ lan menawa kancaku arep mulih dheweke kudu liwat
kuburan. Adewe crito macem-macem teka pengalamane youtuber sing lagi nge-trend, pengalamanku dewe, pengalaman
kancaku ing smp mbiyen. Nah, kancaku crita yen arep kuliah ing panggon kanca
wongtuwa ne dheweke sing wis nggak di panggoni maneh. Ing salah sawiji
pengalamane youtuber ana crito yen dheweke kuliah manggon ing griyane simbahe
sing mbiyen e dados pejabatipun kerajaan lan ing griya kui kerep ana penampakan medi. Banjur aku langsung
ngeden-ngedeni kancaku kui yen menawa griya kanca wongtuane kui ana medine.
Moro-moro “DAAARRRRRRRRRRRR” aku karo kancaku mau banjur kaget lan wedi mergo
crita medi-medi kemau. Lha kok tibak e enek ban mbledhos nek praptan. Aku karo
kancaku langsung ngguyu kekel mergo medi ne tibak e ban mbledhos.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
KLAMBI LARANG
Melody, bocah kelas loro SMA iki seneng banget tuku klambi.
Melody bedo banget karo kancane sak bangku yaiku Ricis.
Isuk-isuk ing sekolahan, Melody ndeloki katalog klambi lewat
hp ne banjur diparani karo Ricis.
Ricis : Lod, awakmu iki panggah ngono
ae. Panggah ndeloki katalog klambi.
Melody : La apik-apik lho. Iki lho sawangen
uapik klambine.
Ricis :
Hooh apik, tapi sawangen kuwi regane.
Melody : Alah iki durong sepiro, nek omahku
ana seng luwih larang.
Ricis : Piro regane ?
Melody : 900 ewu.
Ricis : Halah, rego sakmono kok
dibanggakne. Pengen ngerti sing luwih larang ora ?
Melody : Piro regane sing luwih larang ?
Ricis : 1 milyar.
Melody : Biyuh larange. Klambi opo kuwi ?
Ricis : Klambi tahanan KPK.
Melody : Kok iso ?
Ricis : Iyolah, politisi kae kudu
njupuk duwite rakyat minimal 1 milyar lagek oleh gawe klambi kuwi
Melody : Owalah ngono to, larang yo.
Sakwise omong-omongan hp ne Melody dilebokne tas amarga bel
wis muni. Banjur kanca-kanca sak kelas donga bebarengan kanggo ngewiwiti
pelajaran.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
KORAN
ESUK
Sawijining esuk Warto
ngopi menyang warunge Bu Katmi. Ben ketoro koyok wong yes Warto banjur maca
koran kaya wong penting. Ya lak Warto iso maca, la a,b,c wae Warto ora apal.
Setengah jam Warto mung
mbolak mbalik ndeloki gambar ana ing koran. Nah ing halaman terakhir koran iku
ana gambar cewek kang katon ayu. Warto banjur takok marang Bu Katmi.
Warto : "Bu, jane
iki sapa kok katon ayu temenan"
Bu Katmi : "Endi
lo, to ?"
Warto : "Iki lo
bu. Kiro - kiro omahe ngendi yo, menawa iso tak apeli. haha..."
Bu Katmi : "Delok
kene ! Oalah iki ngunu cah wadon kang nipu wong akeh. Ngakune pegawai bank kang
iso gandakne duwit nganggo bungabank, to"
Warto : "Biyuh
saiki tukang nipu ora ketara yo bu. Kudu ngati - ati aku sakiki"
Bu Katmi : "Makane
aja sok nyawang teka rupa ayu banjur manut yen diapusi"
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
BEDONE
PRESIDEN
Ning sekolahan, pak
guru menehi pitakonan marang murid-muride. Senajan isih kelas 5 SD, ning
murid-muride pak guru kui termasuk murid sing cerdas.
Pak Guru : Coba tak wenehi pitakonan, sing iso njawab
tak wenehi permen. Opo bedane pak Amir karo pak David?
Murid 1 : aku ngerti pak, bar dadi presiden saiki
pak Amir lemu, ning pak David dadi kuru pak.
Pak Guru : Liyane opo maneh?
Murid 2 : Nganu pak…bar dadi presiden, pak David pengine
ming liburan ning pantai ben ra cepet stroke. Ning lek pak Amir pengine
diundang ning istana negara malih pak.
Pak Guru : Lho kok ngono?
Murid 2 : Lha berkas kasus proyek mangkrak sik
ketinggalan ning ngisor lemari sing saiki dienggo pak Firman je pak…
Pak Guru: ????
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
FISIKA
Saiki aku arep cerito, selama aku
sekolah pelajaran sing tak senengi iku pokoke pelajaran sing berbau
perhitungan, lek neng sma aku seneng karo MM, KM, dan FK, lah nyapo aku seneng,
amergo seru rek yo masio pelajaran isi asline yo menyesatkan rek. menyesatkane
lapo? Contoe Fisika rek awak dewe mempelajari sing jenenge gerak jatuh bebas
yoo aku cerita yo. . . ceritane iki nengkono enek koncoku sing penasaran de’e
meratekne ceritane ngene, enek koncoku ngejak aku neng gedung rek, gedunge iki
lantai 50 sak lantai iku sak meteran rek.haha. awale aku dijak ngukur duwure ,
terus koncoku tiba” mencolot teko duwur gedung de’e pesen engko awakmu ukur duwure
yo, terus koncoku iki yo mati rek dan aku sedih, dan mulai pas kuwi aku sadar
lek fisika iku menyesatkan. Aku alifia maturnuwun.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
URIP
JAMAN SAIKI
Saiki ki jamane wes
aneh,iki enek crito maling sandal seng dipenjara 5 tahun podo ambek koruptor
kae yo dipenjara 5 tahun. Lek dipikir piker jane yo ora salah malah koruptor ki
wayahe dipenjarane luweh pendek,soale maling sandal ki ngerugikne siji wong
30.000 gae sandal wi mau,la lek koruptor ki ngerugekne 2 miliar teko 200 juta
uwong,dadine koruptor ki sakjane mung ngerugikne 10 rupiah per uwonge la 2
miliar dibagi 200 juta yo mung 10 rupiah.
Bocah jaman saiki ki yo
aneh aneh,saiki adewe ki dadi manungsa urip ki gampang sakjane,sekolah bar
sekolah kerjo,bar kerjo rabi,terus ndue anak,wes tuwa garek ngibadah.la saiki
ki akeh uwong pengen melbu suwargo tapi ora tau sholat,penggaweane ngrasani,ora
tau poso,ngunu yo sek arep arep suwargo,ndue kenalan wong njero opo piye? Lek
ngunu adewe kabeh iki sekolah golek opo? Ilmu? Jodo? Duduk kabeh,saiki ki adewe
sekolah gae golek kenalan wong njero ben iso melbu suwargo
Ngomongne sekolah,saiki
aku wes kelas 12,wayah seng paling abot lan nggarai punyeng.tugas yo ora tambah
sitik malah tambah okeh,aku ki bingung ngene ki gurune ra kesel opo piye? Jane
lek podo podo kesele ki mending digae santai ae kan lek wes kelas 12 ngene seng
dibutuhne kan ilmu lan nilai teko pelajaran seng sekirane penting gae melbu
kuliah.La saiki enek pelajaran kon nggae buah buahan ko kertas Koran terus
dicat terus digae opo? Opo yo arep dipangan? Paling bar dinilai yo diguak,jane
niate gurune apik mung sayange salah sasaran lan ora pas karo situasine kelas
12.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
KYAI PALSU
Ing pondok
pesantren, Pak Kyai ngaturke piwulangan kang becik kagem murid-muride. Sakwise
Pak Kyai paring wejangan banjur ngetes pemahamane murid-muride liwat pitakonan.
Pak Kyai
: Agus, Menurutmu opo fungsine kitab suci Al-Qur’an?
Agus
: Kagem anu Pak Kyai…anu…nopo niku..njih kagem urip Kyai…Al-Qur’an nika
lak nggih salah setunggale saged kagem pedoman urip teng ndonya amargi saking
surat-surat enten lebete kitab suci menika manungso jaman sakniki saged entuk
piwulangan lan tuladha saking kanjeng rasul Muhammad SAW..
Pak Kyai
: Coba saiki menurutmu piye, Budi?
Budi
: Leres ingkang sampun diaturaken mas Agus pak Kyai. Al-Qur’an menika
isinipun pengetahuan lan pedoman urip. Mulo niku saged ugi diagem waosan kanggo
nentremke ati lan pikiran.
Pak Kyai
: Lha lek koe, Wawan, menurutmu piye?
Wawan
: Qur-an menika dalan utawi lawang swargi pak Kyai.
Pak Kyai
: Leres. Lha saiki gilirane Zenal.
Zenal
: Ingkang sampun dipun aturaken rencang-rencang leres sedanten pak Kyai.
Kawit jaman kanjeng rasul menika, Al-Quran saged ugi dipun mangertos dados
firman gusti Allah ingkang suci, ingkang leres, ingkang becik menawi
ditumindakaken dados laku manungso.
Mulo niku
kanjeng Rosul ngajareaken Al-Quran dateng sekabehe tiyang ing jaman semana. Sak
niki ugo, tiyang-tiyang mboten sedanten saged maos lan mulo niku perlu guru
kados pak Kyai ben mboten klentu lek tumindak ngagem landasan Al-Qur’an.
Nanging niku ugo, Al-Qur’an njih saged dados alat kangge ngapusi tiyang pak
Kyai…
Pak Kyai
: Lho, opo maksude kui, Zenal?
Zenal
: Lak nggih wonten to niku lho kyai-kyai palsu ingkang ngapusi umat
ngagem kesucianipun Islam kaliyan Qur’an…tujuanipun nggih kagem golek duit, lha
nika kyai ingkang kecekel polisi gara-gara sanjang yen tiyange menika saged
nggandakke arta saking kersaning Allah.
Moduse niku lak
nggih ngaji, maos Qur-an, kaliyan niku…setoran. Sing parah niku sak niki
Al-Qur’an dados bamper alat politik pak Kyai. Amargi Al-Qur’an niku suci lan
firmaning gusti Allah, kabeh umat islam sakmenika tunduk kaliyan Qur’an.
Banjur kabeh
umat sing mboten sedanten saged ngonceki ayat-ayat suci ingkang sae nggih manut
mawon menawi kyaine sanjang klentu…alias adoh sanget kaliyan tulodho saking
kanjeng Rasul.
Pak Kyai
: Bener. Saiki coba, opo ciri-cirine kyai palsu?
Zenal
: Gampang Pak Kyai, njih menika gampang nesu, Bengak-bengok ngucap
asmanipun gusti Allah kados tiyang kesurupan setan, ngajaraken ajaran
kebencian, seneng duit, seneng kekerasan, seneng ngancam, kaliyan seneng
ngapusi.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
WONG
MLARAT
Reza karo Feri
ngobrol-ngobrol neng teras omahe.
Reza : Harga barang pada munggah, sing mlarat
makin susah. Kapan Indonesia sejahtera?
Feri : Padahal lek awak dhewe
ngoongne kekayaan alam Indonesia, Indonesia iku sakjane sugih. Indonesia akeh
pertambangan, pertambangan emas yo ana. Lek wong Indonesia bisa mengelola,
pasti ora bakal dikuasai asing kaya saiki.
Reza : Wi buktine, lek arep dadi negara
sing sugih kuwi uduk mung ngandalne kekayaan alam tok. Nanging, kualitas sumber
daya alame yo kudu ditingkatne.
Feri : Ben kualitas SDM meningkat,
kualitas pendidikan yo kudu meningkat. Biaya pendidikan kudu terjangkau ben
akeh warga kurang mampu bisa sekolah.
Reza : Faktane saiki akeh bocah sing
ora bisa sekolah. Akeh wong mlarat. Padahal neng UUD, pendidikan iku hak saben
warga negara.
Feri : Neng UUD yo dijelasne lek wong
mlarat diopeni negara. Tapi nyapo wong mlarat makin akeh ya?
Reza : Nah, kuwi. Lek kowe ngopeni
pitik, pasti kowe pingin ben pitikmu makin akeh to?
Feri : Iyo. Trus hubungane opo?
Reza : Piye ora tambah akeh? Lha wong
mlarat e diopeni.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
KORUPTOR
INDONESIA VS MALAYSIA
Sawijining pejabat
Indonesia, jenenge Wibowo, oleh undangan saka pejabat Malaysia. Nalika teka ing
Malaysia, Wibowo disubyo, disenengne, lan dijak ngubengi omah mewah duweke sing
nduwe omah. Wayah omong-omongan, Wibowo iseng takon, “Wah, kowe pejabat biasa
tapi kok bisa nduwe omah mewah ngene yo?” Pejabat Malaysia iku mesem, banjur
ngejak Wibowo ing cedak jendela lan nduding ing njaba, “Ketok ra jembatan gedhe
ing sebrang kono?” Wibowo manthuk. “Nah, teko jembatan kuwi tok ae aku entuk 10
persen,” jarene karo ngedhepne mripat lan nepuk dadane. Wibowo manthuk-manthuk.
Sakwulan sakwise kuwi,
pejabat Malaysia genti nekani Indonesa. Pejabat iku dijak ing omahe Wibowo.
Dheweke nggumun banget ndelok omahe Wibowo sing guedhe magrong-magrong kaya
omahe sultan Arab. Omahe tingkat selawe, temboke mengkilat amarga dicat karo emas, ana
blumbang komplit sak pancurane, lapangan golf, lan garasine bek mobil merek
sembarang kalir. “Wah! kowe pejabat biasa nanging kowe sugih tenan! Omahmu
luwih apik timbang omahku.” jare pejabat Malaysia kuwi karo nggumun-nggumun.
Wibowo banjur ngejak pejabat kuwi ing cedhak jendela, karo ngomong “Ketok ra
gedung tingkat selawe ing sebrang kono? “ Pejabat Malaysia kuwi nggoleki gedung
sing diduding Wibowo, nanging dheweke ora nemu wujude. “ Endi? Ra enek lo
gedunge.” Wibowo ngedepne mripat banjur nepuk dada, “Genah ra enek lah, lha
wong dhuwite mlayu ing sak ku.”
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
BOCAH
NDESO NYANG KOTA
Ceritane
aku ini bocah ndeso. Sak umur umur yo lagi saiki budal menyang kutho. Dadi yo
ojo gumon lek kelaluane rodok katrok. Sementara digolekne kerjoan karo pakdhe,
aku ngenteni manggon nek omahe. Tapi yo bosen nek omah dewean mergo nek wayah
isuk pakdhe karo budhe nyambut gawe. Anak anake ya do sekolah. Iseng iseng aku
metu, pingin weruh kahanan. Pertama muter muter nok njero komplek perumahan.
Suwe suwe metu nok jalan raya. Dasar apes! Pas nok tikungan kok pas ono cegatan
polisi lalu lintas. Saking kagete aku sampek kagete aku sampek mandreg jegrek
nok tengah dalan, ora adoh soko polisi polisi iku. Jantungku deg degan.
Keringet pating delewer nelesi kaosku
sing ono tulisane “my trip mak plekentur”. “Waduh mati aku! Aku lali ora
nganggo helm, ora nggowo STNK, SIM yo ora gableg! Mesti ketilang iki,” pikirku.
Lha tenan to. Salah sijine pak polisi sing brengose sak kepel mirip karo pakdhe
karwo mlaku nyedek. Aku pingin puter balik ora tapi ora iso mergo nok mburiku
akeh kendaraan sing tan tin tan tin ngebel. “Duh gusti..., tulungono aku,”
dongaku nok njero ati. Mbarang ndelok cincin ning drijiku, aku njur kelingan
wejangane simbah naliko ngewehi akik iki. “Ngger..., Gondes putuku sing
ngganteng dewe. Nek awakmu ngadepi bahaya, emuten akik iki terus usapno nok
bokongmu karo wacanen mantra sing wingi tak ajarke. Insyaallah bakal selamet
uripmu.” Pesene simbah tak turuti. Cincin akikku tak copot, tak eut terus tak
usapno nok bokong karo moco mantra rahasiane simbah. Ajaib! Pak polisi ora sido
nilang, malah mesem sajak kagum ndelok cincin akikku. “Wah akik kecubung biru
ya?” pitakone pak polisi.”Asli apa palsu?”, “Nggak tahu pak,” jawabku rada
gugup. “Boleh aku lihat?” Polisi iku ketoke penasaran. Maklum waktu iku pas
lagi demam batu akik. Aku ora iso nolak. Akikku tak kekno deweke. Watu akikku
diteliti, ditrawang lan diambung. Pak polisi banjur ngomong, “Dilihat dari
warnanya dan baunya, kelihatannya ini kecubung biru asli. Nggak dijual?
“Oh,nggak pak. Itu akik pemberian kakek saya,” jawabku karo setengah jijik. Lha
wong bkase silitku kok diambungi. Embuh piye ambune iku. “Ya sudah, kalau
begitu silahkan lanjutkan perjalanan. Tapi jangan belok kanan ya, disitu becak
dilarang melintas.” “Duh gusti, selamet... selamet...” pikirku karo nggenjot becak sak kuate.
-----------------------------------------------------------------------------------------------------------------
KANCANE
MASKU
Iki cerita ngenani
kancane masku sing rumangsaku lucu, jenenge tak samarne dadi "Paijo".
Cerita sing ke-1 ngenani Paijo sing seneng
banget karo Cak Nun. Dadi ing sawijining dino si Paijo iki ngejak kanca-kancane
ndelok Cak Nun.
"Ayo
ndelok Cak Nun yo engko bengi.."
Nah, kanca -kancane
Paijo uga nduweni kelakuan sing rodok megelne pas njawab Paijo. Ana sing njawab
" Peh ora wes Jo aku ra melu , aku tekan kono malah turu " ,
"Aku yo ora wes Jo...ora kodal aku ki ning kajian-kajian koyo ngono wi
(mendal)
Cerita
sing ke-2 ngenani Paijo sing
rela berkorban. Contone yaiku dheweke gelem dikorbane nggarap kuis online tekan
dosen, dadi dheweke sing buka kuise dhisik.Terus jawabane digolekne
kanca-kancane.
"Heh...ayo
heh.. Wektune mlaku terus". "Sik Jo sabar Jo.. sing tenang Jo.."
Sawise Paijo nggarap
jawabane diwenehne koncone sakelas, terus akhir-akhirane bijine sakelas kuwi
meh podho kabeh. Nah saka kuwi, dosen
mulai curiga lan ngganti sistem kuis.
Saliyane kuwi, Paijo uga rela berkorban pas ana praktikum
njupuk getih ndek laboratorium. Ing praktikum kuwi wes enek ketentuan saben
bocah oleh dijupuk getihe sepiro. Terus pas kuwi, getihe sing dienggo praktikum kurang.
Kanca-kancane sekelas pada nyodorne si Paijo supaya dijupuk getihe maneh. Si
Paijo kanthi sukarela dijupuk getihe. Nalika dijupuk getihe si Paijo iki yo ra
rumangsa lemes lan lara. Dheweke malah sholawatan.Miturut ceritane masku, si Paijo iki nggak tahu lara (jarang
lara), dheweke tahu ngomong menyang
masku
"Awakmu
ki lek lara ojo dibiasakne ngombe obat". "Lha lek ra diobati terus
piye?. "Lek lara i ngombe kopi". Gara-gara omanganne si Paijo iki,
yen masku lara
watuk, pilek, panas lan liya-liyane dheweke malih ngombe
kopi.
Cerita
ke-3 ngenani Paijo sing tangi kawanen. Dadi pas kuwi Paijo iki wes digugah
kancane sing ngekos sandinge, tapi Paijo
tetep turu.
"Sekian
dulu , Wassalamualaikum Wr. Wb".
Nalika dosen wes salam, Paijo sik tas mlebu kelas lan ugung lungguh, pelajarane wes mari.
Cerita
terakhir yaiku ngenani Paijo sing
ditinggal kancane. Iki ceritane dheweke dibonceng kancane ing masjid (sawise sholat).
"
Dadi yo ngono wi Jo.., Jo.. Jo.. "
Kancane
lagek sadar yen Paijo ora ana ing boncengan mburine. Kancane Paijo iki ora
patek apal dalane Surabaya, dadi dheweke
dadak mubeng-mubeng sik nggoleki Paijo mau ning endi lan wes tekan endi.
"Piye
to kowe iki" (ora nesu). "Sorry yo Jo.. Aku lali yen awakmu ugung
numpak" (karo cengengesan)
Saka kelakuanne kancane masku iki
mau iso dipetik pelajaran yen dadi wong kudu tetulong lan ora gampang nesu.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
PITIK
WEGAH MANGAN
Pithik
Blorok:
Wah
lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku
Pithik
Putih:
Loh
njuk ngapa tho?
Pithik
Blorok:
Awake
dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak.
Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!. Makani barang apik ora iso
popiye?
Pithik
Putih:
Hooh
bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko
ethok-ethok ora doyan mangan wae po?
Pithik
Blorok:
Bener
Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.
Wasan
rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia sak gegem,
diuncalke ning lemah ben dipangan pithike. Ananging pithik loro
kuwi malah kur ngeker-eker lumpia nganthek sumebar tekan ngendi-endi.
Babar pisan ora gelem mangan.
Weruh
pithike ora doyan lumpia, Mbak Dewi banjur njukuk sega mambu ning pawon.
Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pithike malah
kur nendang-nendang trempolong nganthek segane tumplak. Mbak Dewi bingung, apa
sebape pithike ora gelem mangan?.
Untunge
dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur. Mbok menawa
pithike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning
ngarepe pithike. Ternyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu.
Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pithike. Malah ditendang-tendang
ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget marang pokale pithike.
Dumadakan
Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet-melet kepedesen
merga mangan arem-arem. “Kowe ki durung doyan pedes Le, wis
dilepeh wae arem-areme” celathune marang Ponakane. Weruh mbokne
ponakane yaiku Majda Yulianingrum metu saka omah, Mbak Dewi banjur cerita
menawa pithike dho ora doyan mangan.
Majda
Yulianingrum:
Wooo,
sajake pithikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!
Mbak
Dewi:
Wooo
ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya?
Majda
Yulianingrum:
Rasah
diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca-kancane.
Pithik
Blorok kaget banget krungu usulan dheweke dibeleh wae. Blorok
tambah kaget wasan weruh Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.
Pithik
Blorok:
Kowe
ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan lepehan
arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.
Pithik Putih:
Timbangane dibeleh, aku milih mangan
lepehan arem-arem wae. Ben kowe wae sing ora doyan mangan luwih pantes
dibeleh...
Pithik Blorok:
Enak wae. Aku ya ora gelem
dibeleh ki..... (Pithik
Blorok banjur cepet-cepet melu notholi lepehan arem-arem karo mripate merem
amarga jijik)
Pithik loro kuwi rebutan ngentekke
lepehan arem-arem. Mbak Dewi lan Majda Yulianingrum dadi gumun.
Pithik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok saiki malah rebutan lepehan
arem-arem. Lucu tenan pithik jaman saiki
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
MUKIDI
Aku ndue konco, bocahe
pancene anak e wong sugih. Duik e ora bakal entek sampek 7 turunan. Bocahe
jenenge Mukidi. Ancene Mukidi iku bocahe gampang pamer kayane wong tuane, dadi
opo wae barang e seng anyar, bakal dipamerake marang kancane. Tapi Mukidi niku
bocae ora pinter ning lek bodo hooh. Nah pas kui musim e ulangan. Mukidi
kepingin njaluk mobil anyar ning bapak e, tapi Mukidi wedi amarga dekingi kae
wes njaluk ditukokne trek anyar. Nanging goro-goro Mukidi kepengen buanget,
wani ora wani panggah wani ora bakal muntir.
Isuk e Mukidi njajal
nembung ing Bapake.
Mukidi = "Pak,
trek kula keagengan pak menawiyudha kula parkir dateng sekolah. Kula terus di
seneni pak satpam"
Bapake = "La pie
saiki karepmu ngger?"
Mukidi = "Tumbas
mobil anyar mawon pak"
Bapake = "Iyo
ngger, pokok mu kudu enek 9 ne lo yo minimal 2
pas raportan"
Mukidi = "Gampang
pak"
La saiki wes wayae
raportan.
Mukidi = "Pak
raport kula wonten 9 ne!"
Bapake =
"Alhamdulillah ngger, tak transfer yo ngger duik e ngko tukuo dewe. Bapak
sek sibuk, njajal fotonen ngger raportmu"
Mukidi = "Siap
pak!"
Tiwas nransfer duik,
jebul bijine : Mat 3, IPA 4, Basa 5, Alfa 9, Izin 9
Mukidi langsung njajal
mobil anyar e, mobil abang logone jaran wesi. Nanging mukidi nabrak uwong.
Polisi = "Kowe ki
lo sek cilik, sek urung ndue SIM kok iso nabrak 20 wong i pie?"
Mukidi = "La
njajali panjenengan dadi kulo, menawi teng kiwo wonten 2 uwong teng tengen
wonten mantenan, panjenengan milih banting setir teng pundi?"
Polisi = "Yo kiwo
lah, korban e mung sitik"
Mukidi = "Enggeh
sami pak"
Polisi = "La trus
iki mau nyapo kok iso 20 uwong?"
Mukidi = "La pas
banting setir wau, tiyang 2 wau nyebrang dateng mantenan trus kulo uber
terus"
Polisi = "Cah
kendo, ngono wi rasah diuber. Yowes tabrakno ae ng kono"
Mukidi = "Lah
nggeh mboten saget no pak, kula sampun milih target kudu diuber sampek
oleh".
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
PRESIDEN
Sore iku
enek simbah-simbah dolan ning Jakarta liwat ngarepan Istana Negara.
Simbah-simbah kui meneng suwe banget, sajak ngenteni enek uwong sing iso
ditakoni.
Ra let suwe, simbah kui mau ndelok enek mobil apik mlebu gerbang, ning
sakdurunge laporan ning pos jaga. Lha, akhire simbah ngerti yen ning pos kui
mau enek uwong. Banjur simbah mlaku thimik-thimik ning pos jaga.
Simbah : Kulanuwun…
Penjaga : Enten menapa njih mbah?
Simbah : Kulo napa angsal mlebet?
Penjaga : Ajeng kepanggih sinten nggih?
Simbah : Kulo enten janji kepanggih pak
presiden Budi
Penjaga : Ngapunten mbah, sakniki
presidenipun sanes pak Budi, pun ganti. Sakniki presidenipun pak Agus.
Simbah : Sanes pak Budi?
Penjaga : Sanes…
Simbah : Njih pun…
Penjaga : Njih…
Simbah kui mau hurung lungo adoh seko ngarep gerbang istana; ming mlaku mlipir
ngiyup ning sor wit. Kiro-kiro sakjam ngiyup, simbah kui mau mlaku maneh nyerak
gerbang istana.
Simbah : Kulonuwun
Penjaga : Monggo mbah, wonten menapa
malih nggih?
Simbah : Kulo nopo angsal mlebet?
Penjaga : Simbah ajeng madosi menapa?
Simbah : Kulo enten janji kepanggih pak
presiden Budi
Penjaga : Pak Budi pun mboten dados
presiden mbah, menawi simbah kesupen kala wau kulo sampun sanjang.
Simbah : Lha sinten presidene sakniki?
Penjaga : Pak Agus mbah…
Simbah : Ooo…njih sampun lek ngoten…
Penjaga kui mau mesakke simbah mergo mikir yen simbah kui mau pikun tur ketok
bar ucul saka panti jompo. Ning yo penjagane ra iso opo-opo. Tugase ming njaga
gerbang, ra entuk mingket.
Lha simbah kui mau mlipir ngiyup ning sor wit sing podo karo sakdurunge.
Kiro-kiro enek sejam simbah mlaku nyeraki gerbang istana.
Penjaga : Wonten menapa malih to mbah
kok bolak-balik. Njenengan napa kesupen dalan?
Simbah : Mboten…niki leres istana
negara njih?
Penjaga : Njih mbah
Simbah : kulo nopo angsal mlebet?
Penjaga : Ngapunten mbah, mboten angsal
menawi mboten wonten janji rumiyin…
Simbah : Kulo enten janji. Kulo janji
kepanggih kaliyan pak presiden Budi
Penjaga : Kulo lak sampun sanjang kala
wau menawi pak Budi sanes presiden. Pun gantos mbah. Sakniki presidenipun pak
Agus
Simbah : Mosok to mas, sinten wau
presidene?
Penjaga : Pak Agus! (penjaga mulai
anyel lan curiga)
Simbah : sanes Pak Budi
Penjaga : PAK BUDI SANES PRESIDEN MBAH.
SAKNIKI PRESIDENIPUN PAK AGUS
Simbah : Hehehehe….seneng aku. Aku
hurung pikun ngger. Aku ming seneng ngrungokke bola-bali yen Budi dudu
presiden.
Penjaga: ????
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
ROKOK
Isuk-isuk,
Dimas mlaku ing halte, panggone wong-wong nunggu bis kanggo budhal kerja. Pas
teko halte, Dimas takon marang wong rokok-an sing isih nunggu bis. Banjur Dimas
ngomong “Bis Bagong kuwi lek kemeluk kok iso ngono ya?” wonge mau banjur nyauri
“Lha jenenge Bis Bagong lho mas, yo
nemen keluk-e.” diwangsuli karo Dimas.“Banjur pripun lek sampeyan ningali wong
sing nyebabake polusi sing luwih nemen saka bis wau?” banjur dijawab “Diajar wae wong kuwi.” Bar
kuwi wong mau diajar karo Dimas. Sawise diajar, Dimas maringi brosur marang
wong iku.
Dimas
golek wong liya sing pada nunggu bis, ningali karyawan sing rokok-an ning
halte. Dimas ngomong marang karyawan mau “Waduh, keluk-e truk kok iso kandel
ngono kuwi yo?” dijawab “Iya sih, pantes wae ana Global Warming.” Banjur Dimas
takon marang karyawan mau “Banjur pripun lek sampeyan ningali sing luwih nemen
saka truk wau?” karyawan iku njawab “Lek sing nyebabake pabrik diobong wae,
terus lek wong dikeplaki wae”. Banjur Dimas ngeplaki karyawan wau, lan maringi
brosur marang karyawan wau. Tibakno isine brosur wau “ASAP ROKOK NYUMBANG
POLUTAN LUWIH AKEH TIMBANG ASAP DIESEL.”
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
PENGALAMAN
PERTAMANE SOPIR TAKSI
Dikisahne
ana sopir taksi anyar sing sedina iki ugung entuk penumpang. Sakwise suwi
ngenteni akhire sopir taxi kui entuk penumpang. Neng tengah dalan, penumpange
kuwi ngepuk pundake sopir taksi amarga arep nakokake dalan. Banjur sopir
taksine kaget lan midek pedal gas luwih nemen nganti mobile meh nabrak mobil
liane. Akhire sopir taksi bisa nguasai setir lan ngendekake mobil ning pinggir
dalan.
Sopir
taksi : “Peh mbak tulung aja
ngelakokne hal kui eneh!”
Penumpang : “Ngapunten, kula mboten ngeertos, kula wau
mboten maksud ngageti
panjenengan. Kula mboten ngira yen
ngelakokne kui bisa ngagetake
panjenengan ngantos kados ngoten”
Sopir
taksi : “Soale ngeten mbak, iki
pertama kaline kula dadi sopir taksi. Panjenengan
niku penumpang pertama kula”
Penumpang : “Oh ngoten, la terus wonten napa kok
panjenengan ngantos kaget sanget?”
Sopir
taksi : “Sakderenge kula dadi sopir
taksi kula kui sopir mobil jenazah”
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
GAWE
UNDANG - UNDANG
Dodi dolan menyang
omahe sepupune sing aran Allan. Dheweke manggon ing kutha. Ing sawijine esuk,
Dodi ngejak tuku sarapan.Banjur kekarone numpak mobil lan allan seng nyetir.
Ing prapatan lampu bangjo lampune abang, nanging Allan tetep bablas mlaku. Dodi
ngomong karo Allan :
Dodi : Lampu abang kok mlaku terus?
Allan : Alah, tenang wae. Ing nagri kene aku bisa
gawe undang-undang kok.
Dodi : Kepriye carane? Sing gawe Undang-undang
rak ya DPR karo pemerintah, ta ?
Allan : ( minggirne mobile)
Dodi : Geneya kok minggir ?
Allan : Arep mangsuli pitakonmu kuwi.
Dodi : Geneya kok kudu minggir ?
Allan : ( mobil mandheg, banjur ngrogoh sak clanane
banjur ngetokake dompet sing duit kandel banjur diselehake )
Dodi : Oh...
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
KAJEBAK ING KRETA
Ana
kacilakan gedhe ing trowongan kreta api, kabeh penumpang sing slamet kajebak
ing tengah-tengahe trowongan, amargi ing rong sisi terowongan dihalangi dening
gerbong kreta sing kobong.
Ing wektu
iku kabeh panik, akeh penumpang sing bengok-bengok yen ora isa metu, bakal mati
lan liya-liyane.
Dumadakan
ana mbah setri sing ndawuh : "Tenang kabeh, kita bakal metu, aku wani
njamin." Banjur swasana dumadi tenang.
Banjur
sawijining penumpang wangsuli : "Pripun carane kita metu mbah? Kabeh dalan
metu katutup dening gerbong sing kebakar."
Simbah
kanthi tenang mangsuli : "Kita pasti metu ing Koran sesok ..."
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
LILIN
LAN MIMPI
Asalamualaikum wr wb…
kabeh dulur dulurku… dina iki aku bakal mbahas tentang lilin lan mimpi…. Onok
sing ngerti hubungane?? Yo bener, ora ono…. Saiki ngene… akeh quotes jadilah lampu untuk menerangi
dunia mu… aku ora pengen, tapi sing tak pingini dadi sebuah lilin di
kegelapanmu… lak samean ngerti… lilin iku luwih sangar ketimbang lampu… saikine
ulang tahun.. opo sing disebul? Lilin.. ga onok nyebul lampu…. Pas onok sing
ngepet… opo sing di lindungi? Lilin… sampek lek mati iso nentokke nasibe
uwong…. Utowo ngenewae… jaman pak imam ibukmu bapakmu pas SD, sopo sing iso
nerangi sinau ne…. guduk lilin… petromak rek….. oiyo, mbalek nang topic lilin
iku iso nerangi kehidupan.. dadi ibarate mimpi.. iso nerangi masa depan… nah
aku iki duwe impian… dadi DPR… dadi sekolah iku yowes ngene… pas pelajaran
krusial… matematika fisika utowo biologi… aku iku sregep turu.. kan DPR… pas dikongkon nyumbang duit qurban…. Tak
bayar… separo... kudu belajar mulai saiki rek… dadi DPR iku angel lo… selain
iku.. mipi opo ae koyok o dadi DPR, kudu duweni prinsip… prinsipku ojo
ngelakoni kesalahan sing podo… kae aku mbolos pas pak imam… neng texas karo
arek arek… kecekel… minggu ngarepe ora mbaleni… ning texas… akhire pindah
panggon… pokok ora kecekel maneh…
Wes ketimbang tambah
ranggenah…. Pesenku dadio lilin sing iso mencerahkan masa depanmu…
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
TAHU
KUPAT
Ing Sawiining dina, wiwit esuk
nganti tengah wengi, kupat ngerti dhuwit ing SMP 4 Tasikmalaya; ing jam 12
siang, dheweke biasane mlaku ing dalan kanggo njupuk jalan pintas menyang
lokasi dagang sabanjure, Pasar Pancasila.
Nanging nalika kuwi, barang dagangan
wis ilang. Pembeli pungkasan dheweke tuku kupat tahu ing sisi jalur kereta api.
Sanalika panuku pungkasan wis rampung, pengirim tahu ngilangake piring abang
banjur garing kanthi nggegirisi.
Kejabi maneh, ing wektu iku ana
kréta lewat. Delengen tandha abang sing kacemplungake saka inggil, insinyur
kereta kaget lan banjur tekan rem kanthi keras. Upaminipun wonten darurat
ingkang mbebayani. Banjur kareta mau mandheg ing sisih tengen kupat sing
diweruhi sadurunge.
Masinis: "wonten nopo
pak?"
Tukag Kupat: "Ora, Pak, mung
bumbu iku."
Sanalika masinis teka banjur nonyo bakul kupat tahu.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
BODREX
Ing sawijine dino ing
siji deso ing jaman semono, urip si mbah karo putune. Critane dino kui pas sasi
romadhon, amarga si mbah karo putune kuwi islam dadi yo nglakoni poso romadhon.
Dadi ngene critane dino kuwi simbah sing biasa menyang tegalan macul ngopeni
telo lan tanduran liyane awake ora penak, rasane koyo arepe gerah. Dadi dino
kuwi simbah ora menyang tegalan banjur isuke mirsani TV dibaturi putune sing
lagi dolanan dewe. Pas delok tv kui kebetulan enek iklan obat bodrex sing
slogane "dapat diminum kapan saja" sak wise iklan bar lanjut meneh
FTV demenane si mbah, pas asik delok ftv si mbah sambat mumet ra karu karuan
akhire nyeluki putune
Mbah : lee tulung
mreneo cepet
Putu : loh mbah wonten
nopo?
Mbah : cepet saiki
tukokno bodrex nyang warung yo le, si mbah jan mumet cenut cenut iki
Putu : woo nggih mbah
njenengan rantos sekedap mbah
Sakwise kui putune
simbah langsung mlayu menyang warung tuku bodrex trs mulih diwehne si mbahe,
sakwise ngombe obat si putu bingung terus nakoni mbahe.
Putu : loh mbah
njenengan nopo mboten poso kok ngunjuk obat?
Mbah : yo jelas poso to
le
Putu : lha niku wau kok
ngunjuk obat?
Mbah : yo iku le
istimewa ne bodrex
Putu : nopo lo mbah?
Mbah : dapat diminum
kapan saja.
TAMAT
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
SEDEKAH
Ing sawijining dino
enek pengemis sing lagi njaluk sedekah menyang cah enom, anggep ae mahasiswa.
Pengemis : Mas, nyuwun sedekahipun.
Mahasiswa : (Dheweke mbuka dompet lan njukuk dhuwit 10 ewuan) niki pak,
panjenengan susuki 5 ewu nggeh.
Pengemis : Niki mas kembaliane (kanthi ngewehne mangkok sing isine
dhuwit).
Mahasiswa : Loh pak, kok yatranipun 7 ewu?
Pengemis : Mboten nopo-nopo mas, itung-itung kula nggeh sedekah mas.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
KHAYALAN ALA SINETRON
TV
yaiku media seng isine informasi, berita, hiburan lan liya-liyane. Tapi nyapo
yo Tv ndek Indonesia kui isine berlebihan ora sesuai karo kenyataane. Contone
adegan sinetron, enek wong wedok mlaku trus tabrakan karo wong lanang trus
kenalan barno jadian. Aku lek eroh adegan ngene iki maleh emosi, kapan aku
koyok ngono kui? Njajal lek aku trabrakan karo wong lanang, eh mas lek mlaku
ndelok-ndelok to ndue mripat ra? Oraa, noo ndk pasar loak akeh.
Sinetron
saiki akeh seng judul e ra sesuai, contone tukang bubur padahal raenek tukang
e. tukang bubur raenek tukang e, jarene munggah kaji tapi ra muleh-muleh,
emange bang toyib opo. Seng tak herani teko sinetron kui mben dino mben wayah
mesti enek ra isuk sampek bengi, opo neh sinetron seng tengah wedi, kui sopo
seng ape ndelok? Ibu-ibu insomnia? Opo kuntilanak seng lagi ronda?
Trus
mbiyen pas enek isu bakso boraks, meh kabeh TV nayangne berita kui kecuali
cctv. Padahal yo ora kabeh bakul bakso nggae boraks, yo iso ae nggae formalin
utowo silikon. Lek wes koyok ngono sopo seng ngrasakne rugi? seng ngrasakne
rugi bakul sego goreng gara-gara ra nggae boraks maleh ra mlebu TV. Liyane kui
enek neh berita seng ngeliput urip e artis, seng kerep tentang perceraian yo,
iki nyapo yo artis ki hobine cerai, jek tas rabi cerai rabi neh cerai. Hobi kok
cerai, hobi ki seng bermanfaat nolo dolanan bal, nonton bal-balan, opo dadi bal
ngono lo. Mbalek neh ndek critane artis, untunge loyo ora enek artis seng
rabine gur rong wulan, iki rabi opo kredit panci.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
PESEN
SIMBOK
Bejo (12 th) cah Klaten arep lungo, diterke simboke
nyegat bis.
Kernet bis :“Suroboyo,
Suroboyo, bu?”
Simboke Bejo :“Pak tulung nggih, mengke nek sampun
tekan Jombang, lare niki dikandani.”
Kernet :“Nggeh
bu, tariiiikkk”
Nang terminal Solo, Bejo takon kernet bis.
Bejo :“Wés
cedhak Jombang durung Lik ?”
Kernet :“Durung
lee.. jek suwe.”
Ora let suwe tekan Sragen, Bejo takon maneh.
Bejo :“Wés
tékan Jombang Lik ?”
Kernet :“Durung
Le... jik uuuaduuooohh”
Bejo bosen ora tekan-tekan, akhire keturon. Bus
terus mlaku arah Suroboyo. Ora kroso bis wes ngliwati Jombang. Kernet lali
pesene mboke Bejo. Bareng kelingan, kernet langsung omong nang sopir.
Kernet :“Duh
kang, aku duso nang bocah kui” (karo nuding Bejo sing lagi turu nggleser)
Sopir :“Lho
nyapo?”
Kernet :“Mau
mboke nitipke, yen tekan Jombang bocah kuwi tulung kandanono”
Sopir :“Wah,
lha piye kowe kui, Jombang wes kliwat adoh.”( jawab sopire bingung).
Tujune sopire apikan, gelem balik nang Jombang. Sak
wise njaluk persetujuan karo penumpang liyane, mergo mesakne karo si Bejo. Sak
wise bis tekan Jombang, Bejo digugah.
Kernet :“Le…tangi
le. Wes tekan Jombang iki.”( karo nggoyang goyang awakke Bejo).
Bejo :“Wes
tekan Jombang lik?”(karo grusa grusu mbukak kantong, ngetokke sangune; sego
sambel, lawuhe iwak asin).
Kernet takon : “Arep mudhun kene le?”
Bejo :“Ora
Lik…wong aku arep nang Suroboyo, mau simbokku pesen, sangune mengko dipangan
nek wes tekan Jombang wae yo le.”(karo muluk sego).
Kernet, sopir, lan kabeh penumpang muni bareng :
“WEDHUUUSS tenan cah iki… tiwase mbaliiik!”
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
KORUPTOR PRODUK ASLI INDONESIA
Sawetara
wong enom nglakoni diskusi babagan kaping lan efek sing digawe. Padha setuju
yen pangembangan ilmu lan teknologi liwat globalisasi mimpin Indonesia menyang
kompetisi bisnis manca. Warga asing nompo kanggo nandur modal ing Indonesia.
Produk kanggo kabutuhan saben dina wis dikontrol lan diduweni dening perusahaan
manca. Mulai saka pangan, sandhangan, kendaraan, barang elektronik, rumah
sakit, uga masalah perbankan.
Qinta: "Yen kabeh
produk digunakake saben dina teka saka perusahaan manca-diduweni tegese kita
dadekake sugih wong manca dong".
Roni: "Ya, iki
pancen praktik kapitalisme ing negara kita. Contone, apa sing adewe ombe
diduweni dening perusahaan Aqua Danone Prancis, sabun LUX lan Pepsodent
diduweni Unilever Inggris, mobil, teka saka Jepang, China, India, Eropah.
Blanja wae uga kanggo perusahaan manca-diduweni kayata Carrefour duweke
Prancis, Giant duweke Malaysia, Alfamart ana 75% saham diduweni dening
Carrefour. Nganti urusan kuangan njipuk dhuwit ing BCA, Danamon, BII, Bank
Niaga, uga diduweni manca".
Yasmine: "Yen
kabeh ana manca, apa sing diduweni Indonesia?"
Qinta : "Indonesia
nduwe produk batik, budaya wayang, lan panganan enak kayata Sega pecel."
Edi: "Lek kuwi no
wis biasa. Siji sing asli duwek e Indonesia. Namung koruptor negara iki duwe
wong asli Indonesia ".
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
GARENG
DADI AGEN RAHASIA
Semar
bungah atine mergo Gareng sing wis suwe merantau nyang Jakarta mudik balik
omah. Petruk lan Bagong ora kalah seneng mergo ditukokno hape anyar.
“Wah kowe saiki tambah
mbois, Reng...” ujare Petruk sumringah
“Kowe nok kutho nyambut
gawe opo to le, kok ketoke kepenak tenan?” takon Semar
“Dadi agen rahasia,
Romo,” jawab Gareng
“Wuih...! mantep tenan
iku,” Bagong sajak gumun
“Kayak James Bond
gawanane pistol ngono tah?” Petruk ora kalah kagum
“Yo ora ngono kuwi.
Agen rahasia nok Indonesia iku ora podo karo nok film,” jawab Gareng
“Lha nek ora nggowo
pistol terus senjatane nek pas tugas iku opo?” pitakone Romo Semar
“Yo cukup kertas karo
pulpen ae,”
“Sek sek... sakjane
awakmu iku dadi agen rahasia opo to kok senjatane mung kertas karo pulpen?”
“Nganu... Ehm... ”
Gareng meneng karo clingak clinguk sak durunge nerusake jawabane, “tulung ojo
rame rame yo, iki rahasia. Sakjane aku dadi agen togel...”
“Opo...?!” Semar,
Petruk lan Bagong kaget sampek njumbul bareng.
“Raimu iku Reng...!!
agen togel ae ngakune dadi agen rahasia!” Semar mbengok mergo nesu
“Agen togel iku kan yo
rahasia, Romo... mergo nek ketemon mesti dicekel polisi. Bener ora, Truk?”
“Bener ndasmu sempal!!”
sahut Petruk mangkel.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
KENTUT
Assalamualaiakum wr wb
Oke dulur sakdurunge tak kenalne sek, jenengku
Ridwan. Aku arepe cerito sitik tentang pengalamanku lingguh sanding kancaku.
Kancaku iki suetil penggaweane seneng mangan gorengan. Lha kok ndilalah pas
ngentut kok ambune rodok rodok mambu tahu goring ngono. Jan mak nyess.
Entut, entut kui metune teko silit, lek
glegeken bahasa Indonesiane sendawa kui metune teko cangkem. Tapi aku nduweni
konco suetil iki. Dee lek glegeken muambu banget nggawe pool. Deweke lek
glegeken ambune ngalaha ngalahi entut. Tak piker lek dee ngentut. Tibake
glegeken. Aku berasumsi bocah iki opo silite ning duwur terus cangkeme ning
ngisor?
Oke dulur, entut iki akeh maceme sing pertama
ana entut sing garai wong jjantungen. Yaiku entut sing moro moro muni banter
pas kabeh meneng. Kui jan suarane ngalah ngalahi ban mbledos. Keloro, entut
sing diam diam menyakitkan, iki wonge niat mateni kancane dengan cara ngentuti
iki. Lha entute ra enek suarane tapi ambune masyaallah nggarai wong kudu
semaput. Sing terakhir entut sing menyayat nyayat hati, seperti hatimu yang
ditingggal pergi sama kekasih hatimu pas sayang sayange. Iki contone wong tuku
gorengan ngentut entute ambu gorengan basan ngono sing tuku minggat. Iki ceritoku
matur suwun dulur
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
SEMBOYAN KARTINI LAN KORUPSI
Ing
tanggal 21 April Desa Sukamaju ngadakake acara kanggo peringatan dino kartini
ing lapangan desa. Ibu-ibu podo klumpukan omong-omongan tentang perjuangane
kartini lan perjuangan ing jaman saiki. Raden Ajeng Kartini yaiku salah sijine
pahlawan sing merjuangke emansipasi wong wadon lan nduwe semboyan ing bukune
“Habis Gelap Terbitlah Terang”. Ibu Dewi matur yen semboyan R.A Kartini isik
diperjuangke ing jaman saiki. Ibu-ibu podo mikir lan bingung karo omongane bu
Dewi.
Bu
Wiwi nyangkal omongane bu Dewi, lan matur “Bu, ing jaman saiki wong wadon gadah
kesejajaran hak, dados menurut kulo nggeh bu, semboyan niku cocok didamel
nalika R.A Kartini taksih wonten.”
Bu
Dewi njawab “Panjenengan ojo salah pikir bu, semboyan R.A Kartini isik didamel
ngantos jaman modern koyo saiki.”
“Contone
nopo nggeh bu?” matur bu Danik.
Bu
Dewi matur “ngeten nggeh ibu-ibu, mari kita sesarengan bandingke korupsi ing
jaman orde baru kaleh korupsi ing jaman saiki. Korupsi ing jaman orde baru niku
dilakoni kalihan ndelik-ndelik atau istilahipun gelap supados masyarakat mboten
ngertos yen tiyangipun korupsi. Nanging korupsi ing jaman saiki dilakoni teng
pundi pundi kalihan terang-terangan, koruptor saiki podo mboten nduwe isin.
Persis semboyanipun R.A Kartini ‘Habis Gelap Terbitlah Terang’.”
“oh
dadose, yen jaman mbiyen niku R.A Kartini berjuang kanggo wong wadon, jaman
saiki berjuang kanggo terang-terangan korupsi nggeh bu.” Jawab Bu Wiwik.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
GARA-GARA
BAKUL PENTOL CILOT
Iki
cerita ngenani awakku dewe sing rumangsaku lucu, jenengku tak samarne dadi
"Puput".
Ing sawijining
dina pas wayah bengi bengi jam 7 an, Ppuput krungu suara”telotttt….. telottt”
saka omahe, banjur puput marani swara kui mau, tibakno bakul pentol cilot. Puput
mbalik ning omahe jupuk duwit barno marani bakul pentol cilot ning angkring.
Banjur Puput omong ning bakule, “ Pak, kula tumbas pentol cilot kleh ewu”.
Dhuwit e puput banjur ditampani karo bakule. Amarga antri, Puput lingguh ning
pinggiran angkringan cedek bakul kui mau. Lha pas lingguh, ujug-ujug Puput
krasa yen bokonge ngerasakne anget anget panas, banjur Puput mbatin, “Iki apa
ya krasane bokongku kok panas, apa pentol cilot e tak lingguhi?”. Bar kui Puput
ngadeg delok panggon sing dilingguhi ora enek apa-apane.
Sakbanjure Puput tumbas pentol
cilot, deweke mbalik ning omah trus lingguh ng ruang tamu trus mangan pentol
cilot e. Ibu’e Puput marani Puput trus nyawangi suwale Puput, trus ibu’e nakoni
Puput,”Lhoo, nduk, suwalmu kok jebol kaya sek tas kobongan?”. Trus Puput
nginceng katoke lan kaget,”lhoh kok isa bolong”. Trus Puput nyadar yen mau sing
dilingguhi anget-anget panas ning pinggiran angkringan iku putung roko bakul
pentol cilot. Untung bokonge ora kobongan. Amarga kejadian kuwi Puput ora wni
tumbas pentol cilot bakul kuwi mau.
Saka kelakuanne Puput mau iso
dipetik pelajaran yen kudu ati-ati ning panggon ngendi wae masio cidek omah.
Kudu nyawang sek panggonan sing arepe dilingguhi ben ora kaya crita ing dhuwur.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
KAPAS
LAN CORO
Sugeng siyang
Kenalno, jenengku Vania
Ing dina saiki aku bakal njupuk tema
sing entheng wae yaiku babagan kapas. Soale yen njupuk tema wesi mengko
kaboten.
Mungkin awakmu kabeh enek sing
mikir, lek kapase sakkontainer kan yo pancet abot.
Ancen pener!! Dalan pikiranmu adoh
nemen. Cocok kanggo ngrungokno lawakan cerdas saka para komika. Amarga konon
bin jarene, materi sten ap komedi kudu sing cerdas. Kudu isa mancing penonton
supaya gelem dolanan logika kanggo ngguyu. Ojo nganti penonton dijak main
domino opo meneh casino. Ngalamat mlebu penjara yo to
Ngomongno soal kapas, aku malih
kelingan soal bantal. Bantalku bahane saka kapas, kasur lan gulinge uga.
Nanging corone ora.
Gara-gara aras-arasen ngresiki
bantal, akeh coro ning kamarku. Kecoa saka sakdonya padha ngumpul ing kamarku.
Masane kamarku markas PBBC po pie?
Ngerti PBBC opo ra? PBBC kui
Perserikatan Bangsa-Bangsa Coro
Sakliane coro, makhluk nganyelne
sing senengane nylempit neng bantal kasur yaiku Tinggi. Mek siji ancene, tapi
kancane akeh.
Nemen tenan si tinggi iki. Wes
diwenehi minyak saliter, panggah bosok ambune. Wes ngono barang nggarakne makku
muring-muring nang omah. Makku nesu banget mergane minyak gorenge ilang
sakliter.
Emak mbengok “Sopo sing njupuk
minyak klenthike iki?”
Tak sauri, “tinggi, mak”
Disauri ngono makku tambah sewot,
“tinggi rambut gondrong po pie? Dasar kutukupret”
Mbalik
neh soal kapas,
Kapas kui nglambangne kemakmuran.
Yo, urip makmur kuwi dilambangne karo gambar pari lan kapas. Nyapo ora diganti
coro lan kapas yo ? Utawa tinggi lan kapas?
Kan sing senengane turu ning kasur
tinggi utawa coro ?
Opo enek pari turu ning kapas?
Ra percoyo?
Jajalen bukaono kasurmu. Ngko lek
eneke tinggi, ora bakal nemu pari
Dhekwingi ana gelut seru ning
kasurku. Sepurane iki uduk crita porno, dadi ojo mikir ngeres dhisik yo
Iki sing gelut i coro karo tinggi.
Dheweke royokan lungguh ana ing kursi. Sepurane maneh, iki royokan kursi kasur duduk
royokan kursi ing senayan. Loh kok nyrempet rono barang? Hehehe.
Tapi ana benere lho. Royokan kursi
kasur karo royokan kursi ing Senayan bedane tipis. Wong ya padha-padha ana
kapase.
Padha karo tinggi lan coro ing
kamarku iki, royokan kasur ing kamarku.
Jare coro, “iki kasurku”
Tinggi nyauri, “Uduk, iki kasurku”
Moro-moro, tikus teka lan nggetak,
“Menengo! Nyapo kowe cah loro geger ae? Iki genah kasurku”
Coro lan tinggi langsung meneng.
Coro turu lemes ning guling kapas, tinggi turu lemes ning bantal kapas.
Aku uga turu lemes,
Ing plester
Aku sadar diri aku sopo
Oke cukup sakmene, matur nuwun
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
JAMAN
PENAK
Sore kui enek tukang
becak 2 lagi ngobrol kang ujung-ujunge debat ning pangkalan becak sinambi
nunggu penumpang.
Tukang Becak 1 : Den, wis narik ping piro dino iki?
Tukang becak 2 : Lagi wae entuk siji, lik. Lha kowe piye?
Tukang Becak 1 : Aku nembe wae budal, lha iki mau ndadak
ngeterke bojoku blanja ning pasar. Wah jan saiki barang-barang ra enek sing
murah. Lombok wae ngasi tekan 120 ewu lak ra kebangeten piye.
Tukang becak 2 : Payah tenan kok pemerintahane saiki. Isih
penak jamane pak dhe Harto biyen den.
Tukang Becak 1 : Penak pripun, den?
Tukang becak 2 : Lha yo opo-opo murah, aman, ra enek
kisruh-kisruh koyo jaman saiki. Opo-opo demo, gentho-gentho podo ndadi, wakil
rakyat do pethakilan kabeh ra enek sing diwedeni.
Tukang Becak 1 : Ning rak yo awake dhewe ra ngerti utange
negoro kui piro den, tur yo kui, pelanggaran HAM.
Tukang becak 2 : Lha yo goro-goro negakke HAM barang kui
malah saiki hasile kabeh-kabeh do melanggar HAM. Ra enek gunane.
Tukang Becak 1 : Nuwun sewu lho den, yen aku tetep ra
setuju karo jamane pak Harto, lha simbahku bablas ra enek kabere. Dituduh wong
palu arit. Bejo bapakku ra katut nalika semana, dadi aku yo iso enek ning kene.
Gelem po kowe dadi kurbane mbah Harto yen kowe ra nduwe salah opo-opo.
Tukang becak 2 : Yo ora ngono maksude…
Tukang Becak 1 : Lha piye?!
Tukang becak 2 : Aku ki mung kangen urip tentrem koyo jaman
biyen. Opo-opo gampang, opo-opo murah, ra enek teroris. Koe masalahe ra
ngrasakke, lha anakku dadi kurban bom njeblug ning Jakarta pas nalika kae yo
sopo sing tanggung jawab? Lak yo ra ono to? Gelo kepati-pati aku.
Tukang Becak 1 : Jaman biyen ngomong ra ati-ati iso
diculik, dibeleh, ditembak petrus!
Tukang becak 2 : Jaman saiki enak-enak turu ning becak iso
kejeblugan bom!
Tukang Becak 1 : Ah, berlebihan. Nyatane aku aman-aman wae.
Tukang becak 2 : Durung wae!
Tukang Becak 1 : Lho kok koe malah ngajak gelut!
Tukang becak 2 : Ora, sopo sing ngajak gelut!
Tukang Becak 1 : Omonganmu ra penak dirungokke!
Tukang becak 2 : Omonganmu barang!
Tukang Becak 1 : Jigur ik!
Tukang becak 2 : Karepmu piye!
Tukang Becak 1 : Jaman biyen ra penak!
Tukang becak 2 : Yow is ngunu yo keno!
Tukang Becak 1 : Kok koe ra ikhlas!!!
Tukang becak 2 : Aku kudu piye???
Tukang Becak 1 : Setuju ora koe?!!!
Tukang becak 2 : Yo wis manut…
Tukang Becak 1 : Ora monat-manut!
Tukang becak 2 : Salah maneh…aku kudu mangsuli opo?!
Tukang Becak 1 : Ngene wae, aku njilih duwitmu 50 ewu
saiki, mengko sore tak balekke.
Tukang becak 2 : Oalah…meh njilih duit wae ndadak nggawe
deg-degan…
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
BEDONE
KULIAH LAN SEKOLAH
Assalamu'alaikum
warahmatullahi wabarakatuh kenalno aku Widya absen telu loro. Jane aku gaiso
stand up comedy, lakok stand up comedy, aku arep cerito nang Alif ae angel
milih tembunge. Tapi, mergo tugase ngono yowes piye maneh yoto? Nah, amergo
kuwi, aku njaluk tulung iki neng kowe kabeh. Tenanan iki aku njaluk tulunge.
Rungokno yo, mengko aku cerito biasa, jane aku wes ngerti lek ora lucu, tapi
mengko guyunen yo? Oke? Oke? Wes oke ra oke lanjut!
Dadi ndek wingi mas ponakanku, uduk mas kandung loyo,
tapi masku iki anake dulure mbahku. Dadi, nggenahe masku iki nduwe ibuk, ibuke
nikah karo bapake, la bapake kuwi maeng adike mbahku. Wes, nggenah yoto? Nah,
kan aku taun ngarep arepe kuliah ning UGM. Aamiin. Mangkane kuwi, pas ngerti
masku balik, aku cepet cepet ning omahe. Nyapo? arepe njaluk oleh-oleh lah.
Soale dee wes kerjo ning Bali. Yo ora lah bos, aku ape takon piye bedane kuliah
ambek sekolah. Lumayan lah, spoiler cah.
Nah ceritane masku ngene. Jarene dee, dee semenjak kuliah
mung iso mangan enak pas awal wulan. “Awal wulan enak dek, sek iso pilih pilih
panggon “Seng enak endi iki? Tak parani ah”. Lah basan akhir wulan, duite
entek, aku genti pilih pilih konco “Koncoku sing masak endi iki? Tak parani
ah’”.
Terus
jarene masku, panganan demenane dee semenjak ngekos dewe, teko ayam rica-rica
genti dadi peyek. “Peyek kuwi panganan misterius dek, di arani kerupuk ora
mirip kerupuk, diarani gorengan ora enek neng tukang gorengan. Ora nggenah
ngono, peyek kuwi podo kambek Younglex lah. Diarani rapper ora mirip kerupuk,
diarani vlogger ora enek neng tukang gorengan. Dadi intine, Younglex kuwi peyek
lah wes.”
Ora
mung ngono tok cah ceritane, masku barno yo cerito masalah perasaan. Ouwehh.
Jarene, semenjak kuliah, dee maleh sering kangen karo ibuke. Opo maneh pas
mangan sego, seng litteraly mbendino. Dee iling lek mbiyen pas cilik uangel
dikongkon mangan sampek di diweden-wedeni mbek ibuke, “Lek segone ra dientekne
mengko segone nangis lo le”. Hayo sopo sing di weden wedeni ngono yoan? Nah,
terus masku lanjut lek cerito, “Aku ket cilik wes ra percoyo mitos kuwi dek.
Nyapo kok tekan kabeh pangan neng dunyo, seng nangis pas ora dientekne mek
sego? Emange dee serapuh kuwi? Misale ki yo, aku mangan sego mbek tempe sambel
kecap, loro-lorone ora tak entekne soale aku wes wareg, mosok sing nangis mek
segone? Tempe sambel kecape nyapo? Ngenengne sego? Lek ancene hooh, mesti drama
banget kuwi, ‘Ning salah siwijining piring, ana sego lagi nangis ‘huhu’ terus
diparani karo tempe sambel kecap ‘awakmu nyapo?’ ‘aku wes dimasak ora dipangan’
‘yowes rene tak peluk’ ‘emoh, akeh kecape’. Drama banget ngono lo dek. Tapi yo,
untunge, mitos kuwi ra tenanan. Lek tenanan, aku wedine enek kesenjangan sosial
ning antarane sego. Sing mesakne iku yo sego ning omah mangan padang. Misale
ana wong mangan ning kono, terus ra entek, terus segone nangis. Sopo sing ape
ngeneng-ngeneng sego? Tempe sambel kecap? Ora enek dek, ning omah mangan padang
ora enek panganan seapikan tempe sambel kecap. Eneke mung rendang, kikil,
emping panganan jahat kabeh. Berkolestrol kabeh iku. Awakdewe ora bakal ngerti
opo ae sing bakal dilakoni panganan-panganan jahat kuwi pas ngerti ana sego
nangis dewekan ora karo tempe sambel kecap seng ngeneng-ngeneng. Gangerti dek
awakdewe! Sopo ngerti, ora malah dihibur, segone malah di paido. Misale enek
sego nangis, terus teko kadohan rendang teko, itik itik itik ‘Ya Gusti
Pangeran, ngono ae nangis, gembeng eram Ya Allah’ terus kikil e manas-manasi
‘wes mbak, jemur ae, dadekno sego karak’ terus teko mburi emping bengok-bengok
‘oi.oi.oi’ ‘nyapo woi?’ ‘bukakno toplese woi, aku yo pengen maido’”
Nah,
kuwi maeng kabeh spoiler teko masku ngenani bedane kuliah ambek sekolah, ana
kurang luwihe aku lan masku nyuwun ngapura, mugo mugo berguna yo cah.
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Itulah 32 contoh cerita anekdot versi bahasa jawa. Semoga membantu yaaa:))))