Saturday, December 15, 2018

CONTOH 32 TEKS ANEKDOT / STAND UP COMEDY LUCU, SINGKAT, MENYINDIR BASA JAWA



Teks Anekdot adalah cerita singkat yang di dalamnya mengandung unsur lucu dan mempunyai maksud untuk melakukan kritikan. Teks anekdot biasanya bertopik tentang layanan publik, politik, lingkungan, dan sosial. Ini mimin akan kasih contoh crita anekdot dalam bahasa jawa. Selamat membaca:)



MEDI



Dina kui kancaku moro nek omahku. Adewe crita medi-medi nganti bengi. Opo maneh wayah kui wes sekitar isya’ lan menawa kancaku arep mulih dheweke kudu liwat kuburan. Adewe crito macem-macem teka pengalamane youtuber sing lagi nge-trend, pengalamanku dewe, pengalaman kancaku ing smp mbiyen. Nah, kancaku crita yen arep kuliah ing panggon kanca wongtuwa ne dheweke sing wis nggak di panggoni maneh. Ing salah sawiji pengalamane youtuber ana crito yen dheweke kuliah manggon ing griyane simbahe sing mbiyen e dados pejabatipun kerajaan lan ing griya kui kerep ana  penampakan medi. Banjur aku langsung ngeden-ngedeni kancaku kui yen menawa griya kanca wongtuane kui ana medine. Moro-moro “DAAARRRRRRRRRRRR” aku karo kancaku mau banjur kaget lan wedi mergo crita medi-medi kemau. Lha kok tibak e enek ban mbledhos nek praptan. Aku karo kancaku langsung ngguyu kekel mergo medi ne tibak e ban mbledhos.



 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

KLAMBI LARANG




Melody, bocah kelas loro SMA iki seneng banget tuku klambi. Melody bedo banget karo kancane sak bangku yaiku Ricis.
Isuk-isuk ing sekolahan, Melody ndeloki katalog klambi lewat hp ne banjur diparani karo Ricis.
Ricis                : Lod, awakmu iki panggah ngono ae. Panggah ndeloki katalog klambi.
Melody            : La apik-apik lho. Iki lho sawangen uapik klambine.
Ricis                : Hooh apik, tapi sawangen kuwi regane.
Melody            : Alah iki durong sepiro, nek omahku ana seng luwih larang.
Ricis                : Piro regane ?
Melody            : 900 ewu.
Ricis                : Halah, rego sakmono kok dibanggakne. Pengen ngerti sing luwih larang ora ?
Melody            : Piro regane sing luwih larang ?
Ricis                : 1 milyar.
Melody            : Biyuh larange. Klambi opo kuwi ?
Ricis                : Klambi tahanan KPK.
Melody            : Kok iso ?
Ricis                : Iyolah, politisi kae kudu njupuk duwite rakyat minimal 1 milyar lagek oleh gawe klambi kuwi
Melody            : Owalah ngono to, larang yo.
Sakwise omong-omongan hp ne Melody dilebokne tas amarga bel wis muni. Banjur kanca-kanca sak kelas donga bebarengan kanggo ngewiwiti pelajaran.



 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

KORAN ESUK


Sawijining esuk Warto ngopi menyang warunge Bu Katmi. Ben ketoro koyok wong yes Warto banjur maca koran kaya wong penting. Ya lak Warto iso maca, la a,b,c wae Warto ora apal.
Setengah jam Warto mung mbolak mbalik ndeloki gambar ana ing koran. Nah ing halaman terakhir koran iku ana gambar cewek kang katon ayu. Warto banjur takok marang Bu Katmi.
Warto : "Bu, jane iki sapa kok katon ayu temenan"
Bu Katmi : "Endi lo, to ?"
Warto : "Iki lo bu. Kiro - kiro omahe ngendi yo, menawa iso tak apeli. haha..."
Bu Katmi : "Delok kene ! Oalah iki ngunu cah wadon kang nipu wong akeh. Ngakune pegawai bank kang iso gandakne duwit nganggo bungabank, to"
Warto : "Biyuh saiki tukang nipu ora ketara yo bu. Kudu ngati - ati aku sakiki"
Bu Katmi : "Makane aja sok nyawang teka rupa ayu banjur manut yen diapusi"

-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------


BEDONE PRESIDEN


Ning sekolahan, pak guru menehi pitakonan marang murid-muride. Senajan isih kelas 5 SD, ning murid-muride pak guru kui termasuk murid sing cerdas.
Pak Guru   : Coba tak wenehi pitakonan, sing iso njawab tak wenehi permen. Opo bedane pak Amir karo pak David?
Murid 1   : aku ngerti pak, bar dadi presiden saiki pak Amir lemu, ning pak David dadi kuru pak.
Pak Guru   : Liyane opo maneh?
Murid 2   : Nganu pak…bar dadi presiden, pak David pengine ming liburan ning pantai ben ra cepet stroke. Ning lek pak Amir pengine diundang ning istana negara malih pak.
Pak Guru   : Lho kok ngono?
Murid 2   : Lha berkas kasus proyek mangkrak sik ketinggalan ning ngisor lemari sing saiki dienggo pak Firman je pak…
Pak Guru: ????



 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

FISIKA


        Saiki aku arep cerito, selama aku sekolah pelajaran sing tak senengi iku pokoke pelajaran sing berbau perhitungan, lek neng sma aku seneng karo MM, KM, dan FK, lah nyapo aku seneng, amergo seru rek yo masio pelajaran isi asline yo menyesatkan rek. menyesatkane lapo? Contoe Fisika rek awak dewe mempelajari sing jenenge gerak jatuh bebas yoo aku cerita yo. . . ceritane iki nengkono enek koncoku sing penasaran de’e meratekne ceritane ngene, enek koncoku ngejak aku neng gedung rek, gedunge iki lantai 50 sak lantai iku sak meteran rek.haha. awale aku dijak ngukur duwure , terus koncoku tiba” mencolot teko duwur gedung de’e pesen engko awakmu ukur duwure yo, terus koncoku iki yo mati rek dan aku sedih, dan mulai pas kuwi aku sadar lek fisika iku menyesatkan. Aku alifia maturnuwun.



 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

URIP JAMAN SAIKI



Saiki ki jamane wes aneh,iki enek crito maling sandal seng dipenjara 5 tahun podo ambek koruptor kae yo dipenjara 5 tahun. Lek dipikir piker jane yo ora salah malah koruptor ki wayahe dipenjarane luweh pendek,soale maling sandal ki ngerugikne siji wong 30.000 gae sandal wi mau,la lek koruptor ki ngerugekne 2 miliar teko 200 juta uwong,dadine koruptor ki sakjane mung ngerugikne 10 rupiah per uwonge la 2 miliar dibagi 200 juta yo mung 10 rupiah.
Bocah jaman saiki ki yo aneh aneh,saiki adewe ki dadi manungsa urip ki gampang sakjane,sekolah bar sekolah kerjo,bar kerjo rabi,terus ndue anak,wes tuwa garek ngibadah.la saiki ki akeh uwong pengen melbu suwargo tapi ora tau sholat,penggaweane ngrasani,ora tau poso,ngunu yo sek arep arep suwargo,ndue kenalan wong njero opo piye? Lek ngunu adewe kabeh iki sekolah golek opo? Ilmu? Jodo? Duduk kabeh,saiki ki adewe sekolah gae golek kenalan wong njero ben iso melbu suwargo
Ngomongne sekolah,saiki aku wes kelas 12,wayah seng paling abot lan nggarai punyeng.tugas yo ora tambah sitik malah tambah okeh,aku ki bingung ngene ki gurune ra kesel opo piye? Jane lek podo podo kesele ki mending digae santai ae kan lek wes kelas 12 ngene seng dibutuhne kan ilmu lan nilai teko pelajaran seng sekirane penting gae melbu kuliah.La saiki enek pelajaran kon nggae buah buahan ko kertas Koran terus dicat terus digae opo? Opo yo arep dipangan? Paling bar dinilai yo diguak,jane niate gurune apik mung sayange salah sasaran lan ora pas karo situasine kelas 12.



 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

KYAI PALSU

Ing pondok pesantren, Pak Kyai ngaturke piwulangan kang becik kagem murid-muride. Sakwise Pak Kyai paring wejangan banjur ngetes pemahamane murid-muride liwat pitakonan.
Pak Kyai   : Agus, Menurutmu opo fungsine kitab suci Al-Qur’an?
Agus     : Kagem anu Pak Kyai…anu…nopo niku..njih kagem urip Kyai…Al-Qur’an nika lak nggih salah setunggale saged kagem pedoman urip teng ndonya amargi saking surat-surat enten lebete kitab suci menika manungso jaman sakniki saged entuk piwulangan lan tuladha saking kanjeng rasul Muhammad SAW..
Pak Kyai   : Coba saiki menurutmu piye, Budi?
Budi     : Leres ingkang sampun diaturaken mas Agus pak Kyai. Al-Qur’an menika isinipun pengetahuan lan pedoman urip. Mulo niku saged ugi diagem waosan kanggo nentremke ati lan pikiran.
Pak Kyai   : Lha lek koe, Wawan, menurutmu piye?
Wawan     : Qur-an menika dalan utawi lawang swargi pak Kyai.
Pak Kyai   : Leres. Lha saiki gilirane Zenal.
Zenal     : Ingkang sampun dipun aturaken rencang-rencang leres sedanten pak Kyai. Kawit jaman kanjeng rasul menika, Al-Quran saged ugi dipun mangertos dados firman gusti Allah ingkang suci, ingkang leres, ingkang becik menawi ditumindakaken dados laku manungso.
Mulo niku kanjeng Rosul ngajareaken Al-Quran dateng sekabehe tiyang ing jaman semana. Sak niki ugo, tiyang-tiyang mboten sedanten saged maos lan mulo niku perlu guru kados pak Kyai ben mboten klentu lek tumindak ngagem landasan Al-Qur’an. Nanging niku ugo, Al-Qur’an njih saged dados alat kangge ngapusi tiyang pak Kyai…
Pak Kyai   : Lho, opo maksude kui, Zenal?
Zenal     : Lak nggih wonten to niku lho kyai-kyai palsu ingkang ngapusi umat ngagem kesucianipun Islam kaliyan Qur’an…tujuanipun nggih kagem golek duit, lha nika kyai ingkang kecekel polisi gara-gara sanjang yen tiyange menika saged nggandakke arta saking kersaning Allah.
Moduse niku lak nggih ngaji, maos Qur-an, kaliyan niku…setoran. Sing parah niku sak niki Al-Qur’an dados bamper alat politik pak Kyai. Amargi Al-Qur’an niku suci lan firmaning gusti Allah, kabeh umat islam sakmenika tunduk kaliyan Qur’an.
Banjur kabeh umat sing mboten sedanten saged ngonceki ayat-ayat suci ingkang sae nggih manut mawon menawi kyaine sanjang klentu…alias adoh sanget kaliyan tulodho saking kanjeng Rasul.
Pak Kyai   : Bener. Saiki coba, opo ciri-cirine kyai palsu?
Zenal     : Gampang Pak Kyai, njih menika gampang nesu, Bengak-bengok ngucap asmanipun gusti Allah kados tiyang kesurupan setan, ngajaraken ajaran kebencian, seneng duit, seneng kekerasan, seneng ngancam, kaliyan seneng ngapusi.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

WONG MLARAT
                                                       


Reza karo Feri ngobrol-ngobrol neng teras omahe.
Reza    : Harga barang pada munggah, sing mlarat makin susah. Kapan Indonesia sejahtera?
Feri      : Padahal lek awak dhewe ngoongne kekayaan alam Indonesia, Indonesia iku sakjane sugih. Indonesia akeh pertambangan, pertambangan emas yo ana. Lek wong Indonesia bisa mengelola, pasti ora bakal dikuasai asing kaya saiki.
Reza    : Wi buktine, lek arep dadi negara sing sugih kuwi uduk mung ngandalne kekayaan alam tok. Nanging, kualitas sumber daya alame yo kudu ditingkatne.
Feri      : Ben kualitas SDM meningkat, kualitas pendidikan yo kudu meningkat. Biaya pendidikan kudu terjangkau ben akeh warga kurang mampu bisa sekolah.
Reza    : Faktane saiki akeh bocah sing ora bisa sekolah. Akeh wong mlarat. Padahal neng UUD, pendidikan iku hak saben warga negara.
Feri      : Neng UUD yo dijelasne lek wong mlarat diopeni negara. Tapi nyapo wong mlarat makin akeh ya?
Reza    : Nah, kuwi. Lek kowe ngopeni pitik, pasti kowe pingin ben pitikmu makin akeh to?
Feri      : Iyo. Trus hubungane opo?
Reza    : Piye ora tambah akeh? Lha wong mlarat e diopeni.



-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

KORUPTOR INDONESIA VS MALAYSIA


Sawijining pejabat Indonesia, jenenge Wibowo, oleh undangan saka pejabat Malaysia. Nalika teka ing Malaysia, Wibowo disubyo, disenengne, lan dijak ngubengi omah mewah duweke sing nduwe omah. Wayah omong-omongan, Wibowo iseng takon, “Wah, kowe pejabat biasa tapi kok bisa nduwe omah mewah ngene yo?” Pejabat Malaysia iku mesem, banjur ngejak Wibowo ing cedak jendela lan nduding ing njaba, “Ketok ra jembatan gedhe ing sebrang kono?” Wibowo manthuk. “Nah, teko jembatan kuwi tok ae aku entuk 10 persen,” jarene karo ngedhepne mripat lan nepuk dadane. Wibowo manthuk-manthuk.
Sakwulan sakwise kuwi, pejabat Malaysia genti nekani Indonesa. Pejabat iku dijak ing omahe Wibowo. Dheweke nggumun banget ndelok omahe Wibowo sing guedhe magrong-magrong kaya omahe sultan Arab. Omahe tingkat selawe, temboke  mengkilat amarga dicat karo emas, ana blumbang komplit sak pancurane, lapangan golf, lan garasine bek mobil merek sembarang kalir. “Wah! kowe pejabat biasa nanging kowe sugih tenan! Omahmu luwih apik timbang omahku.” jare pejabat Malaysia kuwi karo nggumun-nggumun. Wibowo banjur ngejak pejabat kuwi ing cedhak jendela, karo ngomong “Ketok ra gedung tingkat selawe ing sebrang kono? “ Pejabat Malaysia kuwi nggoleki gedung sing diduding Wibowo, nanging dheweke ora nemu wujude. “ Endi? Ra enek lo gedunge.” Wibowo ngedepne mripat banjur nepuk dada, “Genah ra enek lah, lha wong dhuwite mlayu ing sak ku.”

 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------


BOCAH NDESO NYANG KOTA


Ceritane aku ini bocah ndeso. Sak umur umur yo lagi saiki budal menyang kutho. Dadi yo ojo gumon lek kelaluane rodok katrok. Sementara digolekne kerjoan karo pakdhe, aku ngenteni manggon nek omahe. Tapi yo bosen nek omah dewean mergo nek wayah isuk pakdhe karo budhe nyambut gawe. Anak anake ya do sekolah. Iseng iseng aku metu, pingin weruh kahanan. Pertama muter muter nok njero komplek perumahan. Suwe suwe metu nok jalan raya. Dasar apes! Pas nok tikungan kok pas ono cegatan polisi lalu lintas. Saking kagete aku sampek kagete aku sampek mandreg jegrek nok tengah dalan, ora adoh soko polisi polisi iku. Jantungku deg degan. Keringet  pating delewer nelesi kaosku sing ono tulisane “my trip mak plekentur”. “Waduh mati aku! Aku lali ora nganggo helm, ora nggowo STNK, SIM yo ora gableg! Mesti ketilang iki,” pikirku. Lha tenan to. Salah sijine pak polisi sing brengose sak kepel mirip karo pakdhe karwo mlaku nyedek. Aku pingin puter balik ora tapi ora iso mergo nok mburiku akeh kendaraan sing tan tin tan tin ngebel. “Duh gusti..., tulungono aku,” dongaku nok njero ati. Mbarang ndelok cincin ning drijiku, aku njur kelingan wejangane simbah naliko ngewehi akik iki. “Ngger..., Gondes putuku sing ngganteng dewe. Nek awakmu ngadepi bahaya, emuten akik iki terus usapno nok bokongmu karo wacanen mantra sing wingi tak ajarke. Insyaallah bakal selamet uripmu.” Pesene simbah tak turuti. Cincin akikku tak copot, tak eut terus tak usapno nok bokong karo moco mantra rahasiane simbah. Ajaib! Pak polisi ora sido nilang, malah mesem sajak kagum ndelok cincin akikku. “Wah akik kecubung biru ya?” pitakone pak polisi.”Asli apa palsu?”, “Nggak tahu pak,” jawabku rada gugup. “Boleh aku lihat?” Polisi iku ketoke penasaran. Maklum waktu iku pas lagi demam batu akik. Aku ora iso nolak. Akikku tak kekno deweke. Watu akikku diteliti, ditrawang lan diambung. Pak polisi banjur ngomong, “Dilihat dari warnanya dan baunya, kelihatannya ini kecubung biru asli. Nggak dijual? “Oh,nggak pak. Itu akik pemberian kakek saya,” jawabku karo setengah jijik. Lha wong bkase silitku kok diambungi. Embuh piye ambune iku. “Ya sudah, kalau begitu silahkan lanjutkan perjalanan. Tapi jangan belok kanan ya, disitu becak dilarang melintas.” “Duh gusti, selamet... selamet...” pikirku karo nggenjot becak sak kuate. 

-----------------------------------------------------------------------------------------------------------------

KANCANE MASKU


Iki cerita ngenani kancane masku sing rumangsaku lucu, jenenge tak samarne dadi "Paijo".
 Cerita sing ke-1 ngenani Paijo sing seneng banget karo Cak Nun. Dadi ing sawijining dino si Paijo iki ngejak kanca-kancane ndelok Cak Nun.
"Ayo ndelok Cak Nun yo engko bengi.."
Nah, kanca -kancane Paijo uga nduweni kelakuan sing rodok megelne pas njawab Paijo. Ana sing njawab " Peh ora wes Jo aku ra melu , aku tekan kono malah turu " , "Aku yo ora wes Jo...ora kodal aku ki ning kajian-kajian koyo ngono wi (mendal)
Cerita sing ke-2 ngenani Paijo sing rela berkorban. Contone yaiku dheweke gelem dikorbane nggarap kuis online tekan dosen, dadi dheweke sing buka kuise dhisik.Terus jawabane digolekne kanca-kancane.
"Heh...ayo heh.. Wektune mlaku terus". "Sik Jo sabar Jo.. sing tenang Jo.."
Sawise Paijo nggarap jawabane diwenehne koncone sakelas, terus akhir-akhirane bijine sakelas kuwi meh podho kabeh. Nah saka kuwi,  dosen mulai curiga lan ngganti sistem kuis.
Saliyane kuwi,  Paijo uga rela berkorban pas ana praktikum njupuk getih ndek laboratorium. Ing praktikum kuwi wes enek ketentuan saben bocah oleh dijupuk getihe sepiro. Terus pas kuwi,  getihe sing dienggo praktikum kurang. Kanca-kancane sekelas pada nyodorne si Paijo supaya dijupuk getihe maneh. Si Paijo kanthi sukarela dijupuk getihe. Nalika dijupuk getihe si Paijo iki yo ra rumangsa lemes lan lara. Dheweke malah sholawatan.Miturut ceritane masku,  si Paijo iki nggak tahu lara (jarang lara),  dheweke tahu ngomong menyang masku
"Awakmu ki lek lara ojo dibiasakne ngombe obat". "Lha lek ra diobati terus piye?. "Lek lara i ngombe kopi". Gara-gara omanganne si Paijo iki, yen masku lara watuk,  pilek,  panas lan liya-liyane dheweke malih ngombe kopi.
Cerita ke-3 ngenani Paijo sing tangi kawanen. Dadi pas kuwi Paijo iki wes digugah kancane sing ngekos sandinge,  tapi Paijo tetep turu.
"Sekian dulu ,  Wassalamualaikum Wr. Wb". Nalika dosen wes salam, Paijo sik tas mlebu kelas lan ugung lungguh,  pelajarane wes mari.
Cerita terakhir yaiku ngenani Paijo  sing ditinggal kancane. Iki ceritane dheweke dibonceng kancane ing masjid (sawise sholat).
" Dadi yo ngono wi Jo..,  Jo.. Jo.. "
Kancane lagek sadar yen Paijo ora ana ing boncengan mburine. Kancane Paijo iki ora patek apal dalane Surabaya,  dadi dheweke dadak mubeng-mubeng sik nggoleki Paijo mau ning endi lan wes tekan endi.
"Piye to kowe iki" (ora nesu). "Sorry yo Jo.. Aku lali yen awakmu ugung numpak" (karo cengengesan)
            Saka kelakuanne kancane masku iki mau iso dipetik pelajaran yen dadi wong kudu tetulong lan ora gampang nesu.


 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------



PITIK WEGAH MANGAN



Pithik Blorok:  
Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku

Pithik Putih:
Loh njuk ngapa tho?

Pithik Blorok:
Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak. Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!.  Makani barang apik ora iso popiye?

Pithik Putih:
Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-ethok ora doyan mangan wae po?

Pithik Blorok:
Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.

Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia  sak gegem,  diuncalke ning lemah ben dipangan pithike.  Ananging pithik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia nganthek sumebar tekan ngendi-endi.  Babar pisan ora gelem mangan.

Weruh pithike ora doyan lumpia, Mbak Dewi  banjur njukuk sega mambu ning pawon. Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pithike malah kur nendang-nendang trempolong nganthek segane tumplak. Mbak Dewi bingung, apa sebape pithike ora gelem mangan?.  

Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur.  Mbok menawa pithike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pithike. Ternyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pithike. Malah ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget marang pokale pithike.

Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet-melet kepedesen merga mangan arem-arem.  “Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae arem-areme” celathune marang Ponakane.  Weruh mbokne ponakane yaiku Majda Yulianingrum metu saka omah, Mbak Dewi banjur cerita menawa pithike dho ora doyan mangan.

Majda Yulianingrum:
Wooo, sajake pithikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!

Mbak Dewi:
Wooo ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya?

Majda Yulianingrum:
Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca-kancane.

Pithik Blorok kaget banget  krungu usulan dheweke dibeleh wae.  Blorok tambah kaget wasan weruh Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.
Pithik Blorok:
Kowe ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan lepehan arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.

Pithik Putih:
Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem wae.  Ben kowe wae sing ora doyan mangan luwih pantes dibeleh...

Pithik Blorok:
Enak wae.  Aku ya ora gelem dibeleh ki.....  (Pithik Blorok banjur cepet-cepet melu notholi lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)

Pithik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan  arem-arem.  Mbak Dewi lan Majda Yulianingrum dadi gumun. Pithik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok saiki malah rebutan lepehan arem-arem. Lucu tenan pithik jaman saiki


 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------



MUKIDI
    


Aku ndue konco, bocahe pancene anak e wong sugih. Duik e ora bakal entek sampek 7 turunan. Bocahe jenenge Mukidi. Ancene Mukidi iku bocahe gampang pamer kayane wong tuane, dadi opo wae barang e seng anyar, bakal dipamerake marang kancane. Tapi Mukidi niku bocae ora pinter ning lek bodo hooh. Nah pas kui musim e ulangan. Mukidi kepingin njaluk mobil anyar ning bapak e, tapi Mukidi wedi amarga dekingi kae wes njaluk ditukokne trek anyar. Nanging goro-goro Mukidi kepengen buanget, wani ora wani panggah wani ora bakal muntir.
Isuk e Mukidi njajal nembung ing Bapake.
Mukidi = "Pak, trek kula keagengan pak menawiyudha kula parkir dateng sekolah. Kula terus di seneni pak satpam"
Bapake = "La pie saiki karepmu ngger?"
Mukidi = "Tumbas mobil anyar mawon pak"
Bapake = "Iyo ngger, pokok mu kudu enek 9 ne lo yo minimal 2  pas raportan"
Mukidi = "Gampang pak"
La saiki wes wayae raportan.
Mukidi = "Pak raport kula wonten 9 ne!"
Bapake = "Alhamdulillah ngger, tak transfer yo ngger duik e ngko tukuo dewe. Bapak sek sibuk, njajal fotonen ngger raportmu"
Mukidi = "Siap pak!"
Tiwas nransfer duik, jebul bijine : Mat 3, IPA 4, Basa 5, Alfa 9, Izin 9
Mukidi langsung njajal mobil anyar e, mobil abang logone jaran wesi. Nanging mukidi nabrak uwong.
Polisi = "Kowe ki lo sek cilik, sek urung ndue SIM kok iso nabrak 20 wong i pie?"
Mukidi = "La njajali panjenengan dadi kulo, menawi teng kiwo wonten 2 uwong teng tengen wonten mantenan, panjenengan milih banting setir teng pundi?"
Polisi = "Yo kiwo lah, korban e mung sitik"
Mukidi = "Enggeh sami pak"
Polisi = "La trus iki mau nyapo kok iso 20 uwong?"
Mukidi = "La pas banting setir wau, tiyang 2 wau nyebrang dateng mantenan trus kulo uber terus"
Polisi = "Cah kendo, ngono wi rasah diuber. Yowes tabrakno ae ng kono"
Mukidi = "Lah nggeh mboten saget no pak, kula sampun milih target kudu diuber sampek oleh".



 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------



PRESIDEN



Sore iku enek simbah-simbah dolan ning Jakarta liwat ngarepan Istana Negara.
Simbah-simbah kui meneng suwe banget, sajak ngenteni enek uwong sing iso ditakoni.
Ra let suwe, simbah kui mau ndelok enek mobil apik mlebu gerbang, ning sakdurunge laporan ning pos jaga. Lha, akhire simbah ngerti yen ning pos kui mau enek uwong. Banjur simbah mlaku thimik-thimik ning pos jaga.
Simbah   : Kulanuwun…
Penjaga   : Enten menapa njih mbah?
Simbah   : Kulo napa angsal mlebet?
Penjaga   : Ajeng kepanggih sinten nggih?
Simbah   : Kulo enten janji kepanggih pak presiden Budi
Penjaga   : Ngapunten mbah, sakniki presidenipun sanes pak Budi, pun ganti. Sakniki presidenipun pak Agus.
Simbah   : Sanes pak Budi?
Penjaga   : Sanes…
Simbah   : Njih pun…
Penjaga   : Njih…
Simbah kui mau hurung lungo adoh seko ngarep gerbang istana; ming mlaku mlipir ngiyup ning sor wit. Kiro-kiro sakjam ngiyup, simbah kui mau mlaku maneh nyerak gerbang istana.
Simbah   : Kulonuwun
Penjaga   : Monggo mbah, wonten menapa malih nggih?
Simbah   : Kulo nopo angsal mlebet?
Penjaga   : Simbah ajeng madosi menapa?
Simbah   : Kulo enten janji kepanggih pak presiden Budi
Penjaga   : Pak Budi pun mboten dados presiden mbah, menawi simbah kesupen kala wau kulo sampun sanjang.
Simbah   : Lha sinten presidene sakniki?
Penjaga   : Pak Agus mbah…
Simbah   : Ooo…njih sampun lek ngoten…
Penjaga kui mau mesakke simbah mergo mikir yen simbah kui mau pikun tur ketok bar ucul saka panti jompo. Ning yo penjagane ra iso opo-opo. Tugase ming njaga gerbang, ra entuk mingket.
Lha simbah kui mau mlipir ngiyup ning sor wit sing podo karo sakdurunge. Kiro-kiro enek sejam simbah mlaku nyeraki gerbang istana.
Penjaga   : Wonten menapa malih to mbah kok bolak-balik. Njenengan napa kesupen dalan?
Simbah   : Mboten…niki leres istana negara njih?
Penjaga   : Njih mbah
Simbah   : kulo nopo angsal mlebet?
Penjaga   : Ngapunten mbah, mboten angsal menawi mboten wonten janji rumiyin…
Simbah   : Kulo enten janji. Kulo janji kepanggih kaliyan pak presiden Budi
Penjaga   : Kulo lak sampun sanjang kala wau menawi pak Budi sanes presiden. Pun gantos mbah. Sakniki presidenipun pak Agus
Simbah   : Mosok to mas, sinten wau presidene?
Penjaga   : Pak Agus! (penjaga mulai anyel lan curiga)
Simbah   : sanes Pak Budi
Penjaga   : PAK BUDI SANES PRESIDEN MBAH. SAKNIKI PRESIDENIPUN PAK AGUS
Simbah   : Hehehehe….seneng aku. Aku hurung pikun ngger. Aku ming seneng ngrungokke bola-bali yen Budi dudu presiden.
Penjaga: ????



 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

ROKOK


Isuk-isuk, Dimas mlaku ing halte, panggone wong-wong nunggu bis kanggo budhal kerja. Pas teko halte, Dimas takon marang wong rokok-an sing isih nunggu bis. Banjur Dimas ngomong “Bis Bagong kuwi lek kemeluk kok iso ngono ya?” wonge mau banjur nyauri “Lha jenenge Bis Bagong lho mas,  yo nemen keluk-e.” diwangsuli karo Dimas.“Banjur pripun lek sampeyan ningali wong sing nyebabake polusi sing luwih nemen saka bis wau?”  banjur dijawab “Diajar wae wong kuwi.” Bar kuwi wong mau diajar karo Dimas. Sawise diajar, Dimas maringi brosur marang wong iku.
Dimas golek wong liya sing pada nunggu bis, ningali karyawan sing rokok-an ning halte. Dimas ngomong marang karyawan mau “Waduh, keluk-e truk kok iso kandel ngono kuwi yo?” dijawab “Iya sih, pantes wae ana Global Warming.” Banjur Dimas takon marang karyawan mau “Banjur pripun lek sampeyan ningali sing luwih nemen saka truk wau?” karyawan iku njawab “Lek sing nyebabake pabrik diobong wae, terus lek wong dikeplaki wae”. Banjur Dimas ngeplaki karyawan wau, lan maringi brosur marang karyawan wau. Tibakno isine brosur wau “ASAP ROKOK NYUMBANG POLUTAN LUWIH AKEH TIMBANG ASAP DIESEL.”

-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------



PENGALAMAN PERTAMANE SOPIR TAKSI



Dikisahne ana sopir taksi anyar sing sedina iki ugung entuk penumpang. Sakwise suwi ngenteni akhire sopir taxi kui entuk penumpang. Neng tengah dalan, penumpange kuwi ngepuk pundake sopir taksi amarga arep nakokake dalan. Banjur sopir taksine kaget lan midek pedal gas luwih nemen nganti mobile meh nabrak mobil liane. Akhire sopir taksi bisa nguasai setir lan ngendekake mobil ning pinggir dalan.
Sopir taksi       : “Peh mbak tulung aja ngelakokne hal kui eneh!”
Penumpang     : “Ngapunten, kula mboten ngeertos, kula wau mboten maksud ngageti
                             panjenengan. Kula mboten ngira yen ngelakokne kui bisa ngagetake
     panjenengan ngantos kados ngoten”
Sopir taksi       : “Soale ngeten mbak, iki pertama kaline kula dadi sopir taksi. Panjenengan
                             niku penumpang pertama kula”
Penumpang     : “Oh ngoten, la terus wonten napa kok panjenengan ngantos kaget sanget?”
Sopir taksi       : “Sakderenge kula dadi sopir taksi kula kui sopir mobil jenazah”


 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------



GAWE UNDANG - UNDANG

           
Dodi dolan menyang omahe sepupune sing aran Allan. Dheweke manggon ing kutha. Ing sawijine esuk, Dodi ngejak tuku sarapan.Banjur kekarone numpak mobil lan allan seng nyetir. Ing prapatan lampu bangjo lampune abang, nanging Allan tetep bablas mlaku. Dodi ngomong karo Allan :
Dodi    : Lampu abang kok mlaku terus?
Allan   : Alah, tenang wae. Ing nagri kene aku bisa gawe undang-undang kok.
Dodi    : Kepriye carane? Sing gawe Undang-undang rak ya DPR karo pemerintah, ta ?
Allan   : ( minggirne mobile)
Dodi    : Geneya kok minggir ?
Allan   : Arep mangsuli pitakonmu kuwi.
Dodi    : Geneya kok kudu minggir ?
Allan   : ( mobil mandheg, banjur ngrogoh sak clanane banjur ngetokake dompet sing duit kandel banjur diselehake )
Dodi    : Oh...

 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
  
KAJEBAK ING KRETA



Ana kacilakan gedhe ing trowongan kreta api, kabeh penumpang sing slamet kajebak ing tengah-tengahe trowongan, amargi ing rong sisi terowongan dihalangi dening gerbong kreta sing kobong.

Ing wektu iku kabeh panik, akeh penumpang sing bengok-bengok yen ora isa metu, bakal mati lan liya-liyane.

Dumadakan ana mbah setri sing ndawuh : "Tenang kabeh, kita bakal metu, aku wani njamin." Banjur swasana dumadi tenang.

Banjur sawijining penumpang wangsuli : "Pripun carane kita metu mbah? Kabeh dalan metu katutup dening gerbong sing kebakar."

Simbah kanthi tenang mangsuli : "Kita pasti metu ing Koran sesok ..."


------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------- 




LILIN LAN MIMPI



Asalamualaikum wr wb… kabeh dulur dulurku… dina iki aku bakal mbahas tentang lilin lan mimpi…. Onok sing ngerti hubungane?? Yo bener, ora ono…. Saiki ngene…  akeh quotes jadilah lampu untuk menerangi dunia mu… aku ora pengen, tapi sing tak pingini dadi sebuah lilin di kegelapanmu… lak samean ngerti… lilin iku luwih sangar ketimbang lampu… saikine ulang tahun.. opo sing disebul? Lilin.. ga onok nyebul lampu…. Pas onok sing ngepet… opo sing di lindungi? Lilin… sampek lek mati iso nentokke nasibe uwong…. Utowo ngenewae… jaman pak imam ibukmu bapakmu pas SD, sopo sing iso nerangi sinau ne…. guduk lilin… petromak rek….. oiyo, mbalek nang topic lilin iku iso nerangi kehidupan.. dadi ibarate mimpi.. iso nerangi masa depan… nah aku iki duwe impian… dadi DPR… dadi sekolah iku yowes ngene… pas pelajaran krusial… matematika fisika utowo biologi… aku iku sregep turu.. kan DPR…  pas dikongkon nyumbang duit qurban…. Tak bayar… separo... kudu belajar mulai saiki rek… dadi DPR iku angel lo… selain iku.. mipi opo ae koyok o dadi DPR, kudu duweni prinsip… prinsipku ojo ngelakoni kesalahan sing podo… kae aku mbolos pas pak imam… neng texas karo arek arek… kecekel… minggu ngarepe ora mbaleni… ning texas… akhire pindah panggon… pokok ora kecekel maneh…
Wes ketimbang tambah ranggenah…. Pesenku dadio lilin sing iso mencerahkan masa depanmu…



 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------



TAHU KUPAT



Ing Sawiining dina, wiwit esuk nganti tengah wengi, kupat ngerti dhuwit ing SMP 4 Tasikmalaya; ing jam 12 siang, dheweke biasane mlaku ing dalan kanggo njupuk jalan pintas menyang lokasi dagang sabanjure, Pasar Pancasila.

Nanging nalika kuwi, barang dagangan wis ilang. Pembeli pungkasan dheweke tuku kupat tahu ing sisi jalur kereta api. Sanalika panuku pungkasan wis rampung, pengirim tahu ngilangake piring abang banjur garing kanthi nggegirisi.

Kejabi maneh, ing wektu iku ana kréta lewat. Delengen tandha abang sing kacemplungake saka inggil, insinyur kereta kaget lan banjur tekan rem kanthi keras. Upaminipun wonten darurat ingkang mbebayani. Banjur kareta mau mandheg ing sisih tengen kupat sing diweruhi sadurunge.

Masinis: "wonten nopo pak?"
Tukag Kupat: "Ora, Pak, mung bumbu iku."

Sanalika masinis teka banjur nonyo bakul kupat tahu.




-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

BODREX



Ing sawijine dino ing siji deso ing jaman semono, urip si mbah karo putune. Critane dino kui pas sasi romadhon, amarga si mbah karo putune kuwi islam dadi yo nglakoni poso romadhon. Dadi ngene critane dino kuwi simbah sing biasa menyang tegalan macul ngopeni telo lan tanduran liyane awake ora penak, rasane koyo arepe gerah. Dadi dino kuwi simbah ora menyang tegalan banjur isuke mirsani TV dibaturi putune sing lagi dolanan dewe. Pas delok tv kui kebetulan enek iklan obat bodrex sing slogane "dapat diminum kapan saja" sak wise iklan bar lanjut meneh FTV demenane si mbah, pas asik delok ftv si mbah sambat mumet ra karu karuan akhire nyeluki putune
Mbah : lee tulung mreneo cepet
Putu : loh mbah wonten nopo?
Mbah : cepet saiki tukokno bodrex nyang warung yo le, si mbah jan mumet cenut cenut iki
Putu : woo nggih mbah njenengan rantos sekedap mbah
Sakwise kui putune simbah langsung mlayu menyang warung tuku bodrex trs mulih diwehne si mbahe, sakwise ngombe obat si putu bingung terus nakoni mbahe.
Putu : loh mbah njenengan nopo mboten poso kok ngunjuk obat?
Mbah : yo jelas poso to le
Putu : lha niku wau kok ngunjuk obat?
Mbah : yo iku le istimewa ne bodrex
Putu : nopo lo mbah?
Mbah : dapat diminum kapan saja.
TAMAT


-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------


SEDEKAH


Ing sawijining dino enek pengemis sing lagi njaluk sedekah menyang cah enom, anggep ae mahasiswa.
Pengemis         : Mas, nyuwun sedekahipun.
Mahasiswa      : (Dheweke mbuka dompet lan njukuk dhuwit 10 ewuan) niki pak, panjenengan susuki 5 ewu nggeh.
Pengemis         : Niki mas kembaliane (kanthi ngewehne mangkok sing isine dhuwit).
Mahasiswa      : Loh pak, kok yatranipun 7 ewu?
Pengemis         : Mboten nopo-nopo mas, itung-itung kula nggeh sedekah mas.



 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

KHAYALAN ALA SINETRON



TV yaiku media seng isine informasi, berita, hiburan lan liya-liyane. Tapi nyapo yo Tv ndek Indonesia kui isine berlebihan ora sesuai karo kenyataane. Contone adegan sinetron, enek wong wedok mlaku trus tabrakan karo wong lanang trus kenalan barno jadian. Aku lek eroh adegan ngene iki maleh emosi, kapan aku koyok ngono kui? Njajal lek aku trabrakan karo wong lanang, eh mas lek mlaku ndelok-ndelok to ndue mripat ra? Oraa, noo ndk pasar loak akeh.  
Sinetron saiki akeh seng judul e ra sesuai, contone tukang bubur padahal raenek tukang e. tukang bubur raenek tukang e, jarene munggah kaji tapi ra muleh-muleh, emange bang toyib opo. Seng tak herani teko sinetron kui mben dino mben wayah mesti enek ra isuk sampek bengi, opo neh sinetron seng tengah wedi, kui sopo seng ape ndelok? Ibu-ibu insomnia? Opo kuntilanak seng lagi ronda?
Trus mbiyen pas enek isu bakso boraks, meh kabeh TV nayangne berita kui kecuali cctv. Padahal yo ora kabeh bakul bakso nggae boraks, yo iso ae nggae formalin utowo silikon. Lek wes koyok ngono sopo seng ngrasakne rugi? seng ngrasakne rugi bakul sego goreng gara-gara ra nggae boraks maleh ra mlebu TV. Liyane kui enek neh berita seng ngeliput urip e artis, seng kerep tentang perceraian yo, iki nyapo yo artis ki hobine cerai, jek tas rabi cerai rabi neh cerai. Hobi kok cerai, hobi ki seng bermanfaat nolo dolanan bal, nonton bal-balan, opo dadi bal ngono lo. Mbalek neh ndek critane artis, untunge loyo ora enek artis seng rabine gur rong wulan, iki rabi opo kredit panci.



 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

PESEN SIMBOK


Bejo (12 th) cah Klaten arep lungo, diterke simboke nyegat bis.
Kernet bis        :“Suroboyo, Suroboyo, bu?”
Simboke Bejo :“Pak tulung nggih, mengke nek sampun tekan Jombang, lare niki dikandani.”
Kernet             :“Nggeh bu, tariiiikkk”
Nang terminal Solo, Bejo takon kernet bis.
Bejo                 :“Wés cedhak Jombang durung Lik ?”
Kernet             :“Durung lee.. jek suwe.”
Ora let suwe tekan Sragen, Bejo takon maneh.
Bejo                 :“Wés tékan Jombang Lik ?”
Kernet             :“Durung Le... jik uuuaduuooohh”
Bejo bosen ora tekan-tekan, akhire keturon. Bus terus mlaku arah Suroboyo. Ora kroso bis wes ngliwati Jombang. Kernet lali pesene mboke Bejo. Bareng kelingan, kernet langsung omong nang sopir.
Kernet             :“Duh kang, aku duso nang bocah kui” (karo nuding Bejo sing lagi turu nggleser)
Sopir                :“Lho nyapo?”
Kernet             :“Mau mboke nitipke, yen tekan Jombang bocah kuwi tulung kandanono”
Sopir                :“Wah, lha piye kowe kui, Jombang wes kliwat adoh.”( jawab sopire bingung).
Tujune sopire apikan, gelem balik nang Jombang. Sak wise njaluk persetujuan karo penumpang liyane, mergo mesakne karo si Bejo. Sak wise bis tekan Jombang, Bejo digugah.
Kernet             :“Le…tangi le. Wes tekan Jombang iki.”( karo nggoyang goyang awakke Bejo).
Bejo                 :“Wes tekan Jombang lik?”(karo grusa grusu mbukak kantong, ngetokke sangune; sego sambel, lawuhe iwak asin).
Kernet takon : “Arep mudhun kene le?”
Bejo                 :“Ora Lik…wong aku arep nang Suroboyo, mau simbokku pesen, sangune mengko dipangan nek wes tekan Jombang wae yo le.”(karo muluk sego).
Kernet, sopir, lan kabeh penumpang muni bareng : “WEDHUUUSS tenan cah iki… tiwase mbaliiik!”



 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------




KORUPTOR PRODUK ASLI INDONESIA


Sawetara wong enom nglakoni diskusi babagan kaping lan efek sing digawe. Padha setuju yen pangembangan ilmu lan teknologi liwat globalisasi mimpin Indonesia menyang kompetisi bisnis manca. Warga asing nompo kanggo nandur modal ing Indonesia. Produk kanggo kabutuhan saben dina wis dikontrol lan diduweni dening perusahaan manca. Mulai saka pangan, sandhangan, kendaraan, barang elektronik, rumah sakit, uga masalah perbankan.
Qinta: "Yen kabeh produk digunakake saben dina teka saka perusahaan manca-diduweni tegese kita dadekake sugih wong manca dong".
Roni: "Ya, iki pancen praktik kapitalisme ing negara kita. Contone, apa sing adewe ombe diduweni dening perusahaan Aqua Danone Prancis, sabun LUX lan Pepsodent diduweni Unilever Inggris, mobil, teka saka Jepang, China, India, Eropah. Blanja wae uga kanggo perusahaan manca-diduweni kayata Carrefour duweke Prancis, Giant duweke Malaysia, Alfamart ana 75% saham diduweni dening Carrefour. Nganti urusan kuangan njipuk dhuwit ing BCA, Danamon, BII, Bank Niaga, uga diduweni manca".
Yasmine: "Yen kabeh ana manca, apa sing diduweni Indonesia?"
Qinta : "Indonesia nduwe produk batik, budaya wayang, lan panganan enak kayata Sega pecel."
Edi: "Lek kuwi no wis biasa. Siji sing asli duwek e Indonesia. Namung koruptor negara iki duwe wong asli Indonesia ".



 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

GARENG DADI AGEN RAHASIA
     

Semar bungah atine mergo Gareng sing wis suwe merantau nyang Jakarta mudik balik omah. Petruk lan Bagong ora kalah seneng mergo ditukokno hape anyar.
“Wah kowe saiki tambah mbois, Reng...” ujare Petruk sumringah
“Kowe nok kutho nyambut gawe opo to le, kok ketoke kepenak tenan?” takon Semar
“Dadi agen rahasia, Romo,” jawab Gareng
“Wuih...! mantep tenan iku,” Bagong sajak gumun
“Kayak James Bond gawanane pistol ngono tah?” Petruk ora kalah kagum
“Yo ora ngono kuwi. Agen rahasia nok Indonesia iku ora podo karo nok film,” jawab Gareng
“Lha nek ora nggowo pistol terus senjatane nek pas tugas iku opo?” pitakone Romo Semar
“Yo cukup kertas karo pulpen ae,”
“Sek sek... sakjane awakmu iku dadi agen rahasia opo to kok senjatane mung kertas karo pulpen?”
“Nganu... Ehm... ” Gareng meneng karo clingak clinguk sak durunge nerusake jawabane, “tulung ojo rame rame yo, iki rahasia. Sakjane aku dadi agen togel...”
“Opo...?!” Semar, Petruk lan Bagong kaget sampek njumbul bareng.
“Raimu iku Reng...!! agen togel ae ngakune dadi agen rahasia!” Semar mbengok mergo nesu
“Agen togel iku kan yo rahasia, Romo... mergo nek ketemon mesti dicekel polisi. Bener ora, Truk?”
“Bener ndasmu sempal!!” sahut Petruk mangkel.


-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

KENTUT


Assalamualaiakum wr wb
Oke dulur sakdurunge tak kenalne sek, jenengku Ridwan. Aku arepe cerito sitik tentang pengalamanku lingguh sanding kancaku. Kancaku iki suetil penggaweane seneng mangan gorengan. Lha kok ndilalah pas ngentut kok ambune rodok rodok mambu tahu goring ngono. Jan mak nyess.
Entut, entut kui metune teko silit, lek glegeken bahasa Indonesiane sendawa kui metune teko cangkem. Tapi aku nduweni konco suetil iki. Dee lek glegeken muambu banget nggawe pool. Deweke lek glegeken ambune ngalaha ngalahi entut. Tak piker lek dee ngentut. Tibake glegeken. Aku berasumsi bocah iki opo silite ning duwur terus cangkeme ning ngisor?
Oke dulur, entut iki akeh maceme sing pertama ana entut sing garai wong jjantungen. Yaiku entut sing moro moro muni banter pas kabeh meneng. Kui jan suarane ngalah ngalahi ban mbledos. Keloro, entut sing diam diam menyakitkan, iki wonge niat mateni kancane dengan cara ngentuti iki. Lha entute ra enek suarane tapi ambune masyaallah nggarai wong kudu semaput. Sing terakhir entut sing menyayat nyayat hati, seperti hatimu yang ditingggal pergi sama kekasih hatimu pas sayang sayange. Iki contone wong tuku gorengan ngentut entute ambu gorengan basan ngono sing tuku minggat. Iki ceritoku matur suwun dulur



 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

SEMBOYAN KARTINI LAN KORUPSI



Ing tanggal 21 April Desa Sukamaju ngadakake acara kanggo peringatan dino kartini ing lapangan desa. Ibu-ibu podo klumpukan omong-omongan tentang perjuangane kartini lan perjuangan ing jaman saiki. Raden Ajeng Kartini yaiku salah sijine pahlawan sing merjuangke emansipasi wong wadon lan nduwe semboyan ing bukune “Habis Gelap Terbitlah Terang”. Ibu Dewi matur yen semboyan R.A Kartini isik diperjuangke ing jaman saiki. Ibu-ibu podo mikir lan bingung karo omongane bu Dewi.
Bu Wiwi nyangkal omongane bu Dewi, lan matur “Bu, ing jaman saiki wong wadon gadah kesejajaran hak, dados menurut kulo nggeh bu, semboyan niku cocok didamel nalika R.A Kartini taksih wonten.”
Bu Dewi njawab “Panjenengan ojo salah pikir bu, semboyan R.A Kartini isik didamel ngantos jaman modern koyo saiki.”
“Contone nopo nggeh bu?” matur bu Danik.
Bu Dewi matur “ngeten nggeh ibu-ibu, mari kita sesarengan bandingke korupsi ing jaman orde baru kaleh korupsi ing jaman saiki. Korupsi ing jaman orde baru niku dilakoni kalihan ndelik-ndelik atau istilahipun gelap supados masyarakat mboten ngertos yen tiyangipun korupsi. Nanging korupsi ing jaman saiki dilakoni teng pundi pundi kalihan terang-terangan, koruptor saiki podo mboten nduwe isin. Persis semboyanipun R.A Kartini ‘Habis Gelap Terbitlah Terang’.”
“oh dadose, yen jaman mbiyen niku R.A Kartini berjuang kanggo wong wadon, jaman saiki berjuang kanggo terang-terangan korupsi nggeh bu.” Jawab Bu Wiwik.


-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
  
GARA-GARA BAKUL PENTOL CILOT


Iki cerita ngenani awakku dewe sing rumangsaku lucu, jenengku tak samarne dadi "Puput".
           
Ing sawijining dina pas wayah bengi bengi jam 7 an, Ppuput krungu suara”telotttt….. telottt” saka omahe, banjur puput marani swara kui mau, tibakno bakul pentol cilot. Puput mbalik ning omahe jupuk duwit barno marani bakul pentol cilot ning angkring. Banjur Puput omong ning bakule, “ Pak, kula tumbas pentol cilot kleh ewu”. Dhuwit e puput banjur ditampani karo bakule. Amarga antri, Puput lingguh ning pinggiran angkringan cedek bakul kui mau. Lha pas lingguh, ujug-ujug Puput krasa yen bokonge ngerasakne anget anget panas, banjur Puput mbatin, “Iki apa ya krasane bokongku kok panas, apa pentol cilot e tak lingguhi?”. Bar kui Puput ngadeg delok panggon sing dilingguhi ora enek apa-apane.
            Sakbanjure Puput tumbas pentol cilot, deweke mbalik ning omah trus lingguh ng ruang tamu trus mangan pentol cilot e. Ibu’e Puput marani Puput trus nyawangi suwale Puput, trus ibu’e nakoni Puput,”Lhoo, nduk, suwalmu kok jebol kaya sek tas kobongan?”. Trus Puput nginceng katoke lan kaget,”lhoh kok isa bolong”. Trus Puput nyadar yen mau sing dilingguhi anget-anget panas ning pinggiran angkringan iku putung roko bakul pentol cilot. Untung bokonge ora kobongan. Amarga kejadian kuwi Puput ora wni tumbas pentol cilot bakul kuwi mau.
            Saka kelakuanne Puput mau iso dipetik pelajaran yen kudu ati-ati ning panggon ngendi wae masio cidek omah. Kudu nyawang sek panggonan sing arepe dilingguhi ben ora kaya crita ing dhuwur.


-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
  
KAPAS LAN CORO




Sugeng siyang
Kenalno, jenengku Vania
            Ing dina saiki aku bakal njupuk tema sing entheng wae yaiku babagan kapas. Soale yen njupuk tema wesi mengko kaboten.
            Mungkin awakmu kabeh enek sing mikir, lek kapase sakkontainer kan yo pancet abot.
            Ancen pener!! Dalan pikiranmu adoh nemen. Cocok kanggo ngrungokno lawakan cerdas saka para komika. Amarga konon bin jarene, materi sten ap komedi kudu sing cerdas. Kudu isa mancing penonton supaya gelem dolanan logika kanggo ngguyu. Ojo nganti penonton dijak main domino opo meneh casino. Ngalamat mlebu penjara yo to
            Ngomongno soal kapas, aku malih kelingan soal bantal. Bantalku bahane saka kapas, kasur lan gulinge uga. Nanging corone ora.
            Gara-gara aras-arasen ngresiki bantal, akeh coro ning kamarku. Kecoa saka sakdonya padha ngumpul ing kamarku. Masane kamarku markas PBBC po pie?
            Ngerti PBBC opo ra? PBBC kui Perserikatan Bangsa-Bangsa Coro
            Sakliane coro, makhluk nganyelne sing senengane nylempit neng bantal kasur yaiku Tinggi. Mek siji ancene, tapi kancane akeh.
            Nemen tenan si tinggi iki. Wes diwenehi minyak saliter, panggah bosok ambune. Wes ngono barang nggarakne makku muring-muring nang omah. Makku nesu banget mergane minyak gorenge ilang sakliter.
            Emak mbengok “Sopo sing njupuk minyak klenthike iki?”
            Tak sauri, “tinggi, mak”
            Disauri ngono makku tambah sewot, “tinggi rambut gondrong po pie? Dasar kutukupret”

Mbalik neh soal kapas,
            Kapas kui nglambangne kemakmuran. Yo, urip makmur kuwi dilambangne karo gambar pari lan kapas. Nyapo ora diganti coro lan kapas yo ? Utawa tinggi lan kapas?
            Kan sing senengane turu ning kasur tinggi utawa coro ?
            Opo enek pari turu ning kapas?
            Ra percoyo?
            Jajalen bukaono kasurmu. Ngko lek eneke tinggi, ora bakal nemu pari
            Dhekwingi ana gelut seru ning kasurku. Sepurane iki uduk crita porno, dadi ojo mikir ngeres dhisik yo
            Iki sing gelut i coro karo tinggi. Dheweke royokan lungguh ana ing kursi. Sepurane maneh, iki royokan kursi kasur duduk royokan kursi ing senayan. Loh kok nyrempet rono barang? Hehehe.
            Tapi ana benere lho. Royokan kursi kasur karo royokan kursi ing Senayan bedane tipis. Wong ya padha-padha ana kapase.
            Padha karo tinggi lan coro ing kamarku iki, royokan kasur ing kamarku.
            Jare coro, “iki kasurku”
            Tinggi nyauri, “Uduk, iki kasurku”
            Moro-moro, tikus teka lan nggetak, “Menengo! Nyapo kowe cah loro geger ae? Iki genah kasurku”
            Coro lan tinggi langsung meneng. Coro turu lemes ning guling kapas, tinggi turu lemes ning bantal kapas.
            Aku uga turu lemes,
            Ing plester
            Aku sadar diri aku sopo
            Oke cukup sakmene, matur nuwun


-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------


JAMAN PENAK



Sore kui enek tukang becak 2 lagi ngobrol kang ujung-ujunge debat ning pangkalan becak sinambi nunggu penumpang.
Tukang Becak 1   : Den, wis narik ping piro dino iki?
Tukang becak 2   : Lagi wae entuk siji, lik. Lha kowe piye?
Tukang Becak 1   : Aku nembe wae budal, lha iki mau ndadak ngeterke bojoku blanja ning pasar. Wah jan saiki barang-barang ra enek sing murah. Lombok wae ngasi tekan 120 ewu lak ra kebangeten piye.
Tukang becak 2   : Payah tenan kok pemerintahane saiki. Isih penak jamane pak dhe Harto biyen den.
Tukang Becak 1   : Penak pripun, den?
Tukang becak 2   : Lha yo opo-opo murah, aman, ra enek kisruh-kisruh koyo jaman saiki. Opo-opo demo, gentho-gentho podo ndadi, wakil rakyat do pethakilan kabeh ra enek sing diwedeni.
Tukang Becak 1   : Ning rak yo awake dhewe ra ngerti utange negoro kui piro den, tur yo kui, pelanggaran HAM.
Tukang becak 2   : Lha yo goro-goro negakke HAM barang kui malah saiki hasile kabeh-kabeh do melanggar HAM. Ra enek gunane.
Tukang Becak 1   : Nuwun sewu lho den, yen aku tetep ra setuju karo jamane pak Harto, lha simbahku bablas ra enek kabere. Dituduh wong palu arit. Bejo bapakku ra katut nalika semana, dadi aku yo iso enek ning kene. Gelem po kowe dadi kurbane mbah Harto yen kowe ra nduwe salah opo-opo.
Tukang becak 2   : Yo ora ngono maksude…
Tukang Becak 1   : Lha piye?!
Tukang becak 2   : Aku ki mung kangen urip tentrem koyo jaman biyen. Opo-opo gampang, opo-opo murah, ra enek teroris. Koe masalahe ra ngrasakke, lha anakku dadi kurban bom njeblug ning Jakarta pas nalika kae yo sopo sing tanggung jawab? Lak yo ra ono to? Gelo kepati-pati aku.
Tukang Becak 1   : Jaman biyen ngomong ra ati-ati iso diculik, dibeleh, ditembak petrus!
Tukang becak 2   : Jaman saiki enak-enak turu ning becak iso kejeblugan bom!
Tukang Becak 1   : Ah, berlebihan. Nyatane aku aman-aman wae.
Tukang becak 2   : Durung wae!
Tukang Becak 1   : Lho kok koe malah ngajak gelut!
Tukang becak 2   : Ora, sopo sing ngajak gelut!
Tukang Becak 1   : Omonganmu ra penak dirungokke!
Tukang becak 2   : Omonganmu barang!
Tukang Becak 1   : Jigur ik!
Tukang becak 2   : Karepmu piye!
Tukang Becak 1   : Jaman biyen ra penak!
Tukang becak 2   : Yow is ngunu yo keno!
Tukang Becak 1   : Kok koe ra ikhlas!!!
Tukang becak 2   : Aku kudu piye???
Tukang Becak 1   : Setuju ora koe?!!!
Tukang becak 2   : Yo wis manut…
Tukang Becak 1   : Ora monat-manut!
Tukang becak 2   : Salah maneh…aku kudu mangsuli opo?!
Tukang Becak 1   : Ngene wae, aku njilih duwitmu 50 ewu saiki, mengko sore tak balekke.
Tukang becak 2   : Oalah…meh njilih duit wae ndadak nggawe deg-degan…



 -------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

BEDONE KULIAH LAN SEKOLAH



Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh kenalno aku Widya absen telu loro. Jane aku gaiso stand up comedy, lakok stand up comedy, aku arep cerito nang Alif ae angel milih tembunge. Tapi, mergo tugase ngono yowes piye maneh yoto? Nah, amergo kuwi, aku njaluk tulung iki neng kowe kabeh. Tenanan iki aku njaluk tulunge. Rungokno yo, mengko aku cerito biasa, jane aku wes ngerti lek ora lucu, tapi mengko guyunen yo? Oke? Oke? Wes oke ra oke lanjut!
            Dadi ndek wingi mas ponakanku, uduk mas kandung loyo, tapi masku iki anake dulure mbahku. Dadi, nggenahe masku iki nduwe ibuk, ibuke nikah karo bapake, la bapake kuwi maeng adike mbahku. Wes, nggenah yoto? Nah, kan aku taun ngarep arepe kuliah ning UGM. Aamiin. Mangkane kuwi, pas ngerti masku balik, aku cepet cepet ning omahe. Nyapo? arepe njaluk oleh-oleh lah. Soale dee wes kerjo ning Bali. Yo ora lah bos, aku ape takon piye bedane kuliah ambek sekolah. Lumayan lah, spoiler cah.
            Nah ceritane masku ngene. Jarene dee, dee semenjak kuliah mung iso mangan enak pas awal wulan. “Awal wulan enak dek, sek iso pilih pilih panggon “Seng enak endi iki? Tak parani ah”. Lah basan akhir wulan, duite entek, aku genti pilih pilih konco “Koncoku sing masak endi iki? Tak parani ah’”.
Terus jarene masku, panganan demenane dee semenjak ngekos dewe, teko ayam rica-rica genti dadi peyek. “Peyek kuwi panganan misterius dek, di arani kerupuk ora mirip kerupuk, diarani gorengan ora enek neng tukang gorengan. Ora nggenah ngono, peyek kuwi podo kambek Younglex lah. Diarani rapper ora mirip kerupuk, diarani vlogger ora enek neng tukang gorengan. Dadi intine, Younglex kuwi peyek lah wes.”
Ora mung ngono tok cah ceritane, masku barno yo cerito masalah perasaan. Ouwehh. Jarene, semenjak kuliah, dee maleh sering kangen karo ibuke. Opo maneh pas mangan sego, seng litteraly mbendino. Dee iling lek mbiyen pas cilik uangel dikongkon mangan sampek di diweden-wedeni mbek ibuke, “Lek segone ra dientekne mengko segone nangis lo le”. Hayo sopo sing di weden wedeni ngono yoan? Nah, terus masku lanjut lek cerito, “Aku ket cilik wes ra percoyo mitos kuwi dek. Nyapo kok tekan kabeh pangan neng dunyo, seng nangis pas ora dientekne mek sego? Emange dee serapuh kuwi? Misale ki yo, aku mangan sego mbek tempe sambel kecap, loro-lorone ora tak entekne soale aku wes wareg, mosok sing nangis mek segone? Tempe sambel kecape nyapo? Ngenengne sego? Lek ancene hooh, mesti drama banget kuwi, ‘Ning salah siwijining piring, ana sego lagi nangis ‘huhu’ terus diparani karo tempe sambel kecap ‘awakmu nyapo?’ ‘aku wes dimasak ora dipangan’ ‘yowes rene tak peluk’ ‘emoh, akeh kecape’. Drama banget ngono lo dek. Tapi yo, untunge, mitos kuwi ra tenanan. Lek tenanan, aku wedine enek kesenjangan sosial ning antarane sego. Sing mesakne iku yo sego ning omah mangan padang. Misale ana wong mangan ning kono, terus ra entek, terus segone nangis. Sopo sing ape ngeneng-ngeneng sego? Tempe sambel kecap? Ora enek dek, ning omah mangan padang ora enek panganan seapikan tempe sambel kecap. Eneke mung rendang, kikil, emping panganan jahat kabeh. Berkolestrol kabeh iku. Awakdewe ora bakal ngerti opo ae sing bakal dilakoni panganan-panganan jahat kuwi pas ngerti ana sego nangis dewekan ora karo tempe sambel kecap seng ngeneng-ngeneng. Gangerti dek awakdewe! Sopo ngerti, ora malah dihibur, segone malah di paido. Misale enek sego nangis, terus teko kadohan rendang teko, itik itik itik ‘Ya Gusti Pangeran, ngono ae nangis, gembeng eram Ya Allah’ terus kikil e manas-manasi ‘wes mbak, jemur ae, dadekno sego karak’ terus teko mburi emping bengok-bengok ‘oi.oi.oi’ ‘nyapo woi?’ ‘bukakno toplese woi, aku yo pengen maido’”
Nah, kuwi maeng kabeh spoiler teko masku ngenani bedane kuliah ambek sekolah, ana kurang luwihe aku lan masku nyuwun ngapura, mugo mugo berguna yo cah. Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.


Itulah 32 contoh cerita anekdot versi bahasa jawa. Semoga membantu yaaa:))))




No comments:

Post a Comment